Senin, 01 April 2013

Syarat dan Rukun Khutbah


السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ

الحَمْدُ للهِ رَبِّ ْالعَالَمِيْن الَّذِيْ جَعَلَ اْلجُمُعَةَ سَيِّدَ اْلأَياَمِ  وَضَعَّفَ أُجُوْرَ مَنْ عَمِلَ فِيْهَا عَشْرَ أَضْعَافٍ رَحْمَةً لِلأُمَمِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى خَيْرِ اْلأَنَامِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أِجْمَعِيْنَ.
Amma ba’du. Poro maos ingkang minulyo. Kanthi pitulunganipun Allah SWT, alhamdulillah buku khutbah jum’at satunggal tahun ingkang kulo asmani “ Khutbah Jum’at Al_Maftuh “ puniko sampun paripurno anggenipun nyusun lan sampun cekap. Mugi-mugi waget manfaati kangge awak kulo piyambak khususipun lan umumipun dumateng poro kaum muslimin.
Poro maos, paramilo taksih wonten kekirangan soho kalepatan kulo suwun memaklumi tuwin kersoho ngleresaken. Jazakumullah ahsanal jaza’.

                                   
 


 

RUKUN-RUKUN KHOTBAH JUM’AT
1.      Muji dumateng Allah SWT wonten khutbah awal lan khutbah al_Tsaniyah.
2.      Mahos sholawat wonten ing khutbah awal lan khutbah al_Tsaniyah.
3.      Paring wasiat taqwa dumateng Allah SWT wonten ing khutbah awal lan khutbah al_Tsaniyah.
4.      Mahos ayat-ayat suci al_Qur’an wonten salah satunggilipun khutbah kalih
5.      Mahos do’a kagem tiyang muslimin lan muslimat wonten ing khutbah al_Tsaniyah.

SYARAT-SYARATIPUN KHUTBAH
Syarat –syaratipun wonten sekawan welas, antawisipun;
1.      Khotib utawi tiyang ingkang khutbah kedah tiyang ingkang jaler.
2.      Khotib kedah tiyang ingkang saged mirengaken lan mboten budek.
3.      Khotib kedah wonten sak lebetipun bangunan utawi masjid ingkang dipun ginaaken kangge sholat jum’at.
4.      Khotib kedah suci saking hadas shoghir lan kabir.
5.      Khotib kedah nutup aurat.
6.      Khotib kedah jumeneng naliko nyampeaken khutbah.
7.      Khotib kedah lenggah kanthi tumu’ninah wonten ing antawisipin khutbah kalih.
8.      Kedah nuli-nuli wonten ing antawisipun khotbah kalih.
9.      Kedah nuli-nuli antawis khotbah lan sholat jum’at.
10.  Khotbah kedah dipun sampeaken ngangge Bahasa Arab utawi bahasa ingkang dipun pahami poro hadlirin
11.  Khotib kedah sero suwantenipun hinggo saged dipun mirengaken poro hadirin
12.  Khotbah kedah dipun sampeaken sak derengipun nindaaken sholat jum’at.
13.  Khotib kedah tiyang ingkang saged ambedaaken antawisipun rukun khutbah lan syaratipun khutbah.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar