Senin, 01 April 2013

KUMPULAN KHUTBAH BAHASA JAWA


Musibah  Opo Sebabe ?

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita samiya nambahi taqwa lan ta’at kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh-dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Ing titi wanci punika bangsa kita nembe berkabung lan kita prihatos jalaran kathahipun mushibah lan bencana ingkang  kedadosan wonten ing bangsa kita. Kita mangertos lumantar pawartos, ing pundit-pundi papan tansah gilir gumantos, katah prastawa mushibah ingkang dumados. Kita sanget prihatos, jalaran mboten sekedik tuwuh bebanten lan korban lahir lan batos. Malah kepara korban jiwa ingkang mboten sekedik saking warga masarakat ingkang mboten dosa nampi pacobenipun Ingkang Maha Kuwaos.
Sambet sinambet mboten kendel-kendel, malah kepara sesarengan setunggal daerah kaliyan daerah sanes. Ingkang pungkasan kita mireng banjir bandang ing pundit-pundi papan. Mekaten ugi tanah longsor lan gunung jugrug mbeta korban atusan jiwa, jalaran dumuginipun mushibah tanpa kanyana-nyana, lan wonten ing saatipun tiyang sami lena tilem ing wanci lingsir dalu, kedadosan mekaten kok jumbuh kaliyan dawuhipun Allah:
أَفَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَى أَنْ يَأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا بَيَاتًا وَهُمْ نَائِمُونَ
“Apata penduduk desa-desa kuwi mau pada ngrasa aman saka tumekane pasiksan Ingsun marang wong-wong kuwi mau, ing wektu bengi nalika wong-wong kuwi mau pada turu?” (QS.Al A’raf : 97).

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Menawi kita urutaken Allah paring dawuh mekaten punika wau, Allah sampun paring pepenget langkung rumiyin wonten ing ayat sak derengipun, kandi dawuhipun :
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَاْلأَرْضِ، وَلَكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
"Sekirane punduduk desa-desa kuwi mau pada iman lan taqwa, mesti wae bakal Ingsun bukak tumrap wong-wong mau barakah sangka langit lan bumi, nanging wong-wong mau pada nggorohake, mula Ingsun tatrapi pasiksan wong-wong mau sebab olehe pada tumindak”(QS.Al A’raf : 97).

Saking pungkasanipun ayat kasebat, bilih Allah maringaken bala’ lan mushibah punika tentu jalaran saking lampahipun menungsa piyambak. Pramila mangga kita samiya mawas dateng awak kita, samiya purun metani piyambak lepat kita, katimbang mankeh kita nampi bebendunipun Allah jalaran anggen kita nandang lepat nanging mboten rumaos lepat. Jalaran nalika dumados mushibah katahipun tiyang lajeng sami komentar lan nuding fihak ingkang dipun lepataken. Ing mangka sinten estunipun ingkang lepat?  Prayoginipun kita mawas dateng awak kita piyambak-piyambak, saklajengipun kita  wangsul dateng dawuhipun Allah, jalaran Allah mila sampun maringi pepenget dateng kita kanti dawuhipun:
وَمَا أَصَابَكُمْ مِنْ مُصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيكُمْ وَيَعْفُو عَنْ كَثِيرٍ
“Apa wae mushibah kang ngenani ing sira kabeh iku sabab perbuatannira dewe, Allah wus ngapura sangka sebagian akeh sira kabeh”  (QS. Asy Syura’ : 30).

Dados menapa kemawon kedadosan ingkang tumempuh dateng kita, tentu jalaran akibat saking pendamel kita piyambak. Pramila ampun ngantos kita pados kambing hitam, madosi kesalahaning liyan, kito padosi kesalahan kita piyambak, katimbang kita dipun welehaken dening Allah kanti mushibah ingkang ngenani dateng kita piyambak. Jalaran menawi Allah ngersakaken maringi mushibah dateng kawulanipun mboten wonten ingkang saget nduwa kersanipun Allah, ing mangka bala’ menawi dumados mboten namung tumatrap khusus  kangge tiyang-tiyang ingkang dholim kemawon. Kados dawuhipun Allah ing Al-Qur’an :
وَاتَّقُوا فِتْنَةً لاَ تُصِيبَنَّ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْكُمْ خَاصَّةً وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
“Lan sira pada wediya ing siksane Allah, Kang temenan ora mung khusus ngenani wong-wong kang pada dholim wae sangka sira kabeh, lan sira kabeh pada ngertiya sejatine pasiksane Allah iku banget abote”
(QS. Al Anfal : 25).
Mila kita ugi kedah  ikhtiyar lan mbudidaya amrih kita, keluarga saha masyarakat kita sami tansah nuhani darmaning kawula tha’at lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, supados tansah pikantuk karidlanipun Allah lan tebih saking duka lan bendunipun Allah.


Ath thohirin 13 januari 2012



Istiqamah

Para sederek jama’ah Jum’ah rahilakumullah
Mangga sesarengan kita tingkataken taqwa kita dumateng Allah SWT. injih kanti berusaha nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, mugi-mugi kita sedaya saget kalebet golonganipun tiyang ingkang beja wonten dunya lan akhiratipun.
Saklajengipun, miturut Imam Ghazaliy: sama sekali mboten wonten artosipun kesaenan ingkang mboten langgeng. Malah lampah awon ingkang mboten langgeng punika kepara langkung sae katimbang kesaenan ingkang mboten langgeng. Bab menika mbok bilih sami kaliyan unen-unen ing masyarakat, bilih: bekasgali utawi maling punika langkung sae katimbang bekassantri utawi kyai.
 Satunggaling hadits ingkang nggadahi pangertosan meh sami kaliyan unen unen kasebat injih punika:

اَلتَائِبُ مِنَ الذَّنْبِ كَمَنْ لاَذَنْبَ لَهُ


“Tiyang ingkang tobat saking dosa punika kadosdene tiyang ingkang mboten nggadahi dosa”

Satunggaling tiyang kenging mawon nglampahi kemaksiyatan, nanging ampun ngantos sak laminipun. Setunggal wekdal, lampah awon punika kedah mandeg, prayoginipun mandeging lampah awon kasebat sak derengipun konangan tiyang katah, sampun mboten pun tutupi malih dening Gusti Allah.

Para sederek jama’ah Jum’ah rahilakumullah
Miturut Kanjeng Nabi lampah maksiyat utawi dosa punika wonten ngarsanipun Allah wonten macem-macem bentuk ipun,
Setunggal: dosakasebat pun tutupi (mastur) : ngantos dumugi satunggal wekdal dosa kasebat pinaringan pangampunan.
Kaping kalih:  dosakasebat pun tutupi (mastur) wonten ing dunya punika, nanging wonten ing akhirat mangke badepun bikak lan pun wales sesuai ageng alitipun.
Kaping tiga:   dosa kasebat pun bikak nalika ingkang nglampahi tasih gesang wonten ing dunya punika ananging pikantuk pangapunten ing akhirat mangke.
Kaping sekawan:   dosa kasebat pun bikak nalika ingkang nglampahi tasih gesang wonten ing dunya punika ananging mboten pikantuk pangapunten ing akhirat ipun.
Kagem dosaingkang terakhir punika biasanipun pun lampahi dening tiyang tiyang ingkang nekad  lan berusaha sekuat tenaga ndamel alas an kangge pembenar kelakuan awonipun. Utawi minimal berusaha nutup nutupi kelakuan awonipun, walaupun estunipun sampun umbras, sampun dados rahasia umum.

Para sederek jama’ah Jum’ah rahilakumullah
Kagem tiyang ingkang sadar bilih manungsa punika mboten saget lepas saking pergaulan masyarakat wonten ing kehidupannipun ingkang sawang sinawang punika, tentu bade ngraos sisah lan sedih menawi keawonanipun konangan lan msyahur pun ngertosi dening masyarakat, piyambakipun lajeng terkucil, sedaya solah bawanipun pun tebihi dening masyarakat, lan sampun mboten pun pitados malih. Gesangipun mboten tenang lan mboten tentrem. Piyambakipun tersiksa sakderengipun pun sengsarakaken dening siksa ingkang sejati.
Pramila punika, terus menerus lan tansah nindakaken lampah sae, tentu bakal mbekta satunggaling tiyang dateng katenangan lan katentreman. Piyambakipun bakal tansah pikantuk perlindungan lan penjagaan malaikat wonten duna lan akhirat.  Sedaya panuwunan bade pun kabulaken dening Allah, lan swarga ingkang penuh nikmat bade dados panggonan akhiripun. Terus menerus tansah wonten ing kasaenan punika ingkang sak lajengipun pun wastani istiqamah, Istiqamah ingkang khoirun min alfi karamah, ingkang langkung sae katimbang sewu keramat, ketersanjungan lan kehormatanipun.
Tiyang-tiyang ingkang istiqamahmboten bade khawatir pun ngertosi punapa kemawon ingkang wonten ing sak lebetipun pribadinipun.
Istafti qalbak, tsummastaqim : mekaten ngendikan-ipun Rasulullah SAW.
Mugi-mugi kita saget pinaringan sifat ingkang istiqamah. Amiin.







Hayya’alashSholah 



Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,
Minangka purwakaning atur keparenga kula ngunjukaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala awit peparingipun rahat lan kanugerahan kawilujengan dateng kita sedaya, sahingga ngantos dinten punika kita saget sesarengan makepal ing papan minulya punika, saperlu nindaaken kwajiban kita kanti wilujen mboten mangge rubeda satunggal menapa. Panyuwun kita mugi sedaya amal ibadah kita tinapi wonten ngarsa dalae Allah Ta’ala. Saak lajenipun kita ngunjukaken shalawat lan salam mugi kunjuk katur  wonten ngarsa dalem junjungan ita Kanjeng Nabi Muhamad Sallallahu’alaihi wasallam lan sedaya kaluwarga tuwin para sahabatipun, lumeberipun dateng sedaya para penderekipun, kalebetna ugi kita sedaya minangka  ummat ingkang nampi syafa’at mbenjang ing yaumil akhir. Amin.
Sak lajengipun kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan  gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin.  Jalaran inggih namung kanti iman lan taqwa punika kita sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :
ونــجـيــنـا الــذيــن أمــنـو ا وكانــوا يــتـقــون
“Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada  tansah netepi taqwa”.(QS : Fushshilat : !8).
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Sampun sesarengan kita maklumi bilih kwajiban tumrap kita tumanduk ing ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang asifat harian lan mboten saget tinilar babar pindah inggih punika kwajiban shalat gangsal wekdal.
Dawuh wajibipun shalat gangsal wekdal punika kanti anggenipun  Allah kepareng nimbali sarana langsung dateng Kanjeng Nabi perlu paring wahyu perintah shalat fardlu. Pramila kita sageta ngalap hikmah saking prastawa tumurunipun wahyu shalat punika supados kita langkung anggenipun njagi dateng kwajiban kita shalat gangsal wekdal. Upaya lan budi daya amrih  tumandang ibadah tansah dipun tingkataken, kanti tansah nyinaoni ilminipun saha tatacara shalat ingkang langkung sae. Jalaran mboten sekedik antawis kita ingkang nindakaken shalat, nanging mboten kanti mangertosi ilmi ilminipun, syarat rukunnipun, makruh lan sunatipun lan ugi batalipun shalat. Tumindakipun namung sarana apalan lan kulinan, nanging tuntunan lan piwucalipun shalat mboten dipun mangertosi. Eman sanget tuwas kangelan wusananipun mboten keleresan. Saking punika mbok mangga, samiya purun nyinaoni ilmi peshalatan, mboten perlu lingsem. Amergi shalat kita menika mila tansah perlu dipun dandosi. Sinten mawon tiyangipun tetep perlu ningkataken kwalitas ibadah shalatipun. Menapa tiyang menawi sampun lawas anggenipun nindak aken shalat mesti shalatipun sampun sae ? Mboten. Malah kadang kadang langkung mboten kantenan tumandangipun. Amergi shalat mboten sekedar apal waosan saha gerakanipun, nanging kados pundi sagetipun nggaota lan manah saget manunggal kumadep, kumawula dateng ngarsanipun Allah. Ampun ngantos badanipun tumandang shalat, ruku’ sujud, lisanipun ndremimil maos lafadlipun waosan shalat, nanging manahipun suwung mbotennderek shalat, utawi malah kluyuran kesah ngetutaken pengangen angenipun. Sahingga katingalipun tiyang shalat, nanging piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab menika Allah maringaken pepenget :
فويل للمصـلين* الذين هـم عـن صـلاتـهـم سـاهـون*
“Saktemene neraka wail iku kanggo wongkang pada shalat, yaiku wong kang pada lali karo shalate” ( QS.Al Ma’un :  4-5 ).
Pramila kita ampun ngantos lahiripun tumindak shalat, nanging nyatane supe dateng shalat ingkang dipun tindakaken. Caranipun, manah sageta dipun kencang ampun wonten pundi pundi, kanti angen angen dateng maknanipun lafadlipun shalat ingkang dipun waos. Menawi shalat saget ktindakaken kanti sahe, tentu bade beta hikmah lan faedah ingkang katah, ing antawisipun kangge ngresiki dosa kalepatan ingkang ngregeti  dateng manah kita. Kados dene dawuh dalem Kanjeng Nabi :

“Pepadane shalat limang wektu iku kaya dene bengawan kang mili tur akeh banyune ana ing ngarep omahe salah sewijinira kabeh, kang wong mau adus ing kono saben dinane limang ambalan”. (HR.Muslim).
Dawuh menika minangka bebingah turmap kita bilih salat minangka kabetahan kita, kados dene betah kita bebersih siram saben dintenipun, tentu tiyang menika menawi rajin siram saben dinten menapa malih menawi ngantos ambal kaping gangsal saben dinten ipun, tentu tiyang menika ajeg kawontenanipun tansah bersih saking kotoran lan sak warnining rereget. Mekaten ugi shalat menawi kanti sahe lan rajin kita tindak aken saben dintenipun Insya Allah dosa lepat kita inggih tansah pinaringan pangapura dening Allah sahingga bersih  kados mboten wonten dosa sekedik sekedika.
Mila kangge nggayuh kasampurnanipun ibadah shalat kita, sanget wigatos nyinaoni kanti ngaos, dateng sukaraos lafal ingkang sak lebetipun shalat kita waos, menapa ingkang kita waossupados kito ugi mangertos, mboten lisane nrocos, nanging atine kropos, jalaran mboten purun ngaos. Ing mangka shalat  minangka sakanipun agamiingkang sanget wigatos, menawi sakanipun kropos, tentu bangunan menika ringkihtansah ndamel manah kuwatos, amergi gampil ambruk sak wanci wancimboten usah  lindu dipun srantos. Kanjeng Nabi paring pawartos :
الصَّلاَةعِمَادُالدِّيْنِ،فَمَنْأَقَامَهَافَقَدْأَقَامَالدِّيْنِ،وَمَنْتَرَكَهَافَقَدْهَدَمَالدِّيْنِ
“Shalat iku minangka cagake agama, sapa wonge njejekake shalat, mangka ateges njejekake agama, Lan sapa wonge tinggal shalat ateges wong iku ngrubuhake agama”
(HR. Muslim).
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Shalat ingkang dados inti lan pokokipun agami Islam mila mboten kenging dipun sepelekaken, kedah tansah kita jagi lan kita reksa, syukur saget katindakaken kanti jama’ah, amergi langkung enteng tanggung jawab kita, ugi ganjaran ingkang cetha kita mangertosi dipun tikel tikelaken dening Allah. Mugi kita kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kwajiban shalat kanti ajeg lan jejeg, pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.






Kwajibane Kawula
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,
Minangka purwakaning atur keparenga kula ngakjak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan pitedah saget mbentenaken perkawis ingkang sae lan awon, leres lan lepat, hak lan batil, halal lan haram mekaten ugi kita bade pikantuk pangapunten kalepatan kita saking ngarsa dalem Allah Ta'ala. . Kados dawuhipun :
يــَآأَيُّهَــاالَّذِيْنَآمَنــُوْاانتتَّـقُــوْااللهَيـجـعــللــكـمفـرقــانـاويـكـفـرعـنـكمسـيـأتـكمويـغـفـرلـكمذنـوبـكم
“He wong kang pada iman menawa sira kabeh pada taqwa marang Allah, mangka Allah Ta'ala bakal maringi furqan tegese pituduh kanggo sira kabeh kang sira kabeh banjur bisa mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, bener lan luput, lan Allah bakal nglebur ngamal ala ira kabeh lan uga ngapura dosa dosa ira kabeh ” (QS.Al Anfal : 29).

Bapak-bapak, lan para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah
Kita tentu sampun uninga bilih sak estunipun taat dateng Allah kanti nindakaken sedaya perintahipun Allah, saha nilar lan nebihi awisanipun Allah punika kangge kesahenan kita piyambak, Kosok wangsulipun nilar lan nglirwakaken dawuhipun Allah saha nerjang awisan lan nerak wewaleripun Allah punika dados sumbering karisakkan lan kasengsaraning gesang kita,wiwit dunya ngantos dumugining akhirat.
Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita kanti dawuhipun :
ومــن أعــرض عــن ذكـرى  فـان لــه مــعـيــشــة ضــنـكا ونـحـشــره يـوم الــقــيــامــة  أعــمـى
"Sapa wonge mengo sangka eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupeg, lan bakan Ingsun giring wong kuwi besuk dina qiyamat kanti kahanan wuta"
 ( QS.Thaha : 124 )
Dawuh menika minangka pangemut tumrap kita ampun ngantos kita nglirwakaken dawuhipun Allah saha ampun ngantos kumawantun nerjang awisanipun Allah. Pagesangan kita bade nemahi samsara dunya ngantos dumugining akhirat.
Mboten wonten sarana kangge nggayuh kabegjaning gesang punika kejawi namung nderek dateng pranatan lan tuntunan syari'at agaminipun Gusti Allah, mekaten ugi mboten wonten margi kangge nggayuh kawilujengan lan kalis saking bebaya kejawi namung kanti sarana nyaket lan taqarrub dateng ngarsa dalem Allah Ta'ala . Dene margi lan sarana taqarrub dateng Allah punika katah sanget cara ingkang saget kita tempuh, ananging ingkang langkung utami lan prayogi kita tindakken tentu kanti nuhoni dateng kwajiban lan ibadah fardlu langkung rumiyin. Ampun ngantos ingkang fardlu dipun lirwakaken, ingkang dawah sunnat malah dipun tengenaken. Kados wekdal kapengker shalat tarowih sewulan muput dipun ayahi, shalat fardlu gangsal wekdalipun malah alasan prei. Shalat riyaya nganti dinggo sulaya, nanging shalat fardlu limang wektu malah ora tahu. Pramila ibadah sunnat utami dipun tindakaken nanging ibadah fardlu kedah dipun rumiyinaken. Rasulullah sampun paring dawuh ing hadits Qudsi :
ومــا تــقــرب الي عــبــدي بـشــيـىء أحــب الـي مــن أداء مــا افــتـرضــيـتـه عــلــيــه
"Ora tumindak ngibadah keparek kawulaningsun marang Ingsun kelawan sawijining penggawe ibadah kang luwih Ingsun tresnani katimbang ngelakoni perkara kang Ingsun wajibake tumrap deweke" ( HS.Al Bukhari ).

Bapak-bapak, jama'ah Jum'ah rahimakumullah
Ibadah fardlu ingkang dipun tindakaken saget minangka sarana taqarrub kita dateng Allah tentu menawi sampun netepi tata cara ingkang leres menggah tuntunan syari'at, kanti netepi syarat lan rukun saha katindak aken kanti ikhlash murih karidlanipun Allah. Ampun ngantos tumindak ibadah nanging kecampuran niyat lan tujuan sanes, amergi namung bade ngrisakaken dateng ibadah kita. Allah dawuh ing Al Qur'an  :
ومـا أمــروا الا لــيــعــبـدوا اللـه مــخــلـصــيـن لــه الــديــن
"Lan manungsa iku ora di perintah kejaba supaya ngibadah marang Allah kelawan murniake agama kerana Allah" (QS.Al Bayyinah : 5).
Pramila mangga samu kawis tuminndak ibadah kita kaniyatana ingkang ikhlas kangge nggayuh karidlanipun Allah, sahingga wusananipun cinaket wonten ngarsanipun Allah. Lajeng menawi cinaket kaliyan Allah tentu kita manggih kabekjaning gesang dunya lan akhirat, ugi kalebet kekasih menggahipun Allah Ta'ala; Kados dawuhipun :
لـهـم الـبـشرى فى الحيـاة الـدنـيـا وفى الأخـرة
“…........., tumerape wong wong mau oleh kebungahan urip ana ing dunya lan ing akhirate”. (QS. Yunus 64).
Mugi kita kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kwajiban kumawula dateng Allah kanti istiqamah wusananipun pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.




Amar Ma'ruf Nahi Munkar
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله , الحمد لله الذى خـلق الأرض فـراشـا والسـمـاء بنـاء والشـمس سـراجـا والـقمـر مـنيـرا *  أشـهـد ان لا اله الا الله وحده لا شـريك له الـذي  أرسـل رسـوله بشـيرا ونذيرا  * واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله أرفـع البـرية قدرا *   شـهادة مـن قـال لـهـا فـرحـمـه مـن الـخـطيئات  مـغـفـورا * وتـقـبـلـه مـن الـصـالحـات وأنـالـه ثـوابـا وأجـورا * اللهـم صـل وسـلم علىمـن يـحـب الـفقـراء والـمسـاكـيـن ورحـم الـيـتـامى وأطفـالا وصـغيـرا * سـيدنامحمـد  صـلى اللـه عـلـيـه وسـلـم رسـولا ومبـشـرا ونـذيـرا *   صلاة تـنجينـا بهـا من جـمـيـع الأهـوال والأفـات بـاطـنـا وظـهـيـرا *  وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم مـا تـعـاقـبت الأوقـات والـسـاعـات لـيلا ونـهـارا * أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم وايـاي بتقـوى الله  فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ *
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi  taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi  sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin.  Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang.
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,
Perkawis ingkang sekelangkung wigatos wonten ing tuntunaning agami kita, nanging katah dipun lirwakaken dining umumipun kita, amergi rumaos mboten wewenangipun, inggih punika amar ma'ruf nahi mungkar. Amergi kaprahipun kita nganggep bilih kangge nindakaken bab menika sampun wonten petugasipun. Ing mangka kita sak estunipun anggadahi kwajiban nindak aken amar ma'ruf nahi mungkar punika, menawi kita kepengin nggayuh kabekjan, Allah paring dawuh :
ولــتـكن مـنكـم أمــة يـــدعــون الى الــخـيـر ويـأمــرون بـالــمــعـروف ويـنــهـون عــن المــنـكـر , وأولــئــك هــم الــمــفـلـحــون
"Lan becik anaha sangka sira kabeh sak golongan kang kang ajak ajak marang kabecikan, lan perintah nglakoni penggawe apik lan nyegah sangka penggawe mungkar, ya wong wong kang kaya mengkono iku wongkang merkoleh kabekjan"
Pancen nindakaken dawuh menika mila mboten enteng, menawi sekedar ajak ajak nindakaken kesaenan tasih langkung gampil, sebab tiyang menika dipun ajak tumindak sae sinaosa mboten sanggup, nanging mboten nuwuhaken mankelipun tiyang wau. Nanging elik elik pendamel awon punika mila langkung awrat, amergi tiyang ingkang tumindak awon menika menawi dipun elikaken, langkung langkung menawi dipun cegah lan dipun alang alangi saget nesu lan muring muring , minggahipun ngantos mengsahi, lan kadang kala mboten nggega ning malah saya ndadra awonipun. Sinaosa awrat, kedah kita upayaaken amrih nahi mungkar saget ngimbangi dateng amar m'aruf ipun, Mila kasunyatan kita saget mirsani bilih katah tiyang remen nindakaken amal sae, nanging tumindak awonipun inggih tetep dipun lampahi. Menika jalaran katah tiyang ngraos ewet elik elik tiyang sanes tumindak awon, utawi ajrih ngadepi resiko dipun mengsahi dening tiyang ingkang dipun elikaken wau. Sinten mawon estunipun kedah nindakaken dawuh menika, miturut kemampuan lan kongangipun, dateng kemungkaran kedah ingkar, Nabi paring dawuh :
مـن رأى مــنــكـم مــنـكــرا  فـلـيــغـيــره بـيــده , فــان لــم يــســتـطــع فـبـلــســانــه , فــان لــم يــســتـطــع فـبــقــلـبــه  وذالـك أضــعـف الأيـمــان
" Sing sapa wonge sangka sira kabeh weruh barang kang mungkar, mangka wong kui kudu ngowahi kelawan kekuasaanne, menawa ora mampu mula nggo lisane,  lamun ora mampu nganggo lisane, nganggo atine, lan kang ngono iku apes apes iman".
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,
Elik elik, nyegah lampah lan tumindak awonipun tiyang, mila kedah kanti kawicaksanan lan ngatos atos, ampun ngantos tiyang wau sakit manahipun, sageta tiyang punika ngraos lan menyadari bilih pendamelipun klentu lan awon., wusananipun saget mareni karana kesadaran saking tumindak awonipun. Kanti mekaten ateges nedahaken dateng tiyang wau tumuju lampah ingkang sae, Sahingga ingkang nedahaken ugi pikantuk kauntungan ganjaran saking ngarsanipun Allah. Kados dawuh Nabi :
مــن دل عــلى خــيــر فـلــه أجـر مــثــل أجــر فـاعــلــه
"Sing sapa wonge nuduhake marang kabecikan, mangka wong mau bakal oleh ganjaran pada karo ganjarane wongkang nglakoni kebecikan mau" (HR.Muslim).
Wusananipun paling mboten, mangga kita amar ma'ruf lan nahi mungkar dateng awakipun piyambak piyambak, lajeng dateng lingkungan kita, supados nalika ngajak kita sampun tumindak , nalika nyegah kita mboten di sanggah, jalaran kita sampun nyontoni. Mugi mugi kita pinaringana pitedah pitulung saget nuhoni dawuhipun Allah nindakaken amar ma'ruf saha nahi mungkar,  kanti patuladan lampah kita pribadi anggenipun tumindak sae menapa dene nilar kemungkaran lan awisanipun Allah Ta'ala  supados mboten cinacat dening masyarakat .   Amiin.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ  *  وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ  * قَالَتَعَالَىوَهُوَأَصْدَقُاْلقائِلِيْنَ: أَعُوْذُبِاللهِمِنَالشًّيْطَانِالرَّجِيْمِ$بِسْمِاللهِالرَّحْمَنِالرَّحِيْمِ$وَالْعَصْرِ$ إِنَّ اْلإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ$ إِلاَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ$وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ$





Keprihatinan Orang Tua
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله الحمد لله  الـولى الـحـمـيد *  الـمـبـد ىء الـمــعـيـد * الـفـعـال لـمـا يـريـد *أحـمـده وأشـكـره سـبـحـانـه وتـعـالى عـلى فـضـلـه الـمـديـد *  أشـهـد أن لأ اله الا الله وحده لا شـريك لـه  الـحـمـيـد الـمـجـيد *  شهادة تـنجي قـائـلـهـا مـن عـذاب شـديـد * واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله  خـيـر الأنـام يـدعو الى الأيـمـان والـتـوحـيـد*  اللهـم صـل وسـلم وبارك على سـيد نامحمـد الـمـبـعـوث الى الــحـيــاة الـحـمـيـد* صلاة تـنجينـا بهـا من الـبـلا يـا والـشـدائـد * وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم مـن صـالـح الـعـبـيـد* أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم وايـاي بتقـوى الله ذي الـعـرش الـمـجيـد* وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ *حكايـة عـن شـأن يـعـقــوب عـلـيـه الـسـلام* أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * إِذْ قَالَ لِبَنِيهِ مَا تَعْبُدُونَ مِنْ بَعْدِي

Saudara saudara Kaum Muslimin Rahimakumullah,Marilah senantiasa kita tingkatkan taqwa kita kepada Allah dengan berupaya memenuhi  perintah   Allah, dan meninggalkan segala yang dilarang, agar senantiasa  kita mendapatkan anugerah rahmat dan kebahagiaan sejak kita hidup di   dunia ini, sampai di akhirat kelak, dengan ridla  Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Amiin.
Marilah kita sejenak memperhatikan sabda Nabi Ya’qub ‘Alaihis salam, ketika mengumpulkan anak cucunya seraya bertanya, sebagaimana yang dikisahkan di dalam Al  Qur’an :
“Ketika Ya’qub berkata pada  putra putranya : “Apa yang akan kalian sembah nanti sepeninggalku ?”
(QS. Al Baqarah 133).
Pertanyaan  Nabi Ya’qub kepada  putra putranya ini  menggambarkan keprihatinan orang tua terhadap generasi  penerusnya dalam hal agama, aqidah dan peribadatannya. Sebagai pelajaran bagi  kita semuanya, bahwa kita harus senantiasa memperhatikan  peribadatan anak cucu kita. Sedang kan Nabi Ya’qub sebagai seorang Nabi saja, begitu menghawatirkan terhadap anak cucu  keturunannya . Apalagi anak anak  kita, dimana  kita hanya sebagai manusia biasa ,  tentu keadaan  anak anak kita akan lebih menghawatirkan.  Kita tentu harus lebih memperhatikan, terlebih  kita hidup dimasa sekarang ini, godaan lebih besar, pengaruh dan segala sesuatu sangat mengancam terhadap i’tiqad dan keyakinan kita. Tak dapat kita pungkiri kehidupan  di masa sekarang ini terasa semakin   sulit dan berat, persaingan dalam hidup semakin ketat. Semuanya lantaran pengaruh keadaan, hidup penuh dengan persaingan, sehingga mempengaruhi cara hidup, dan pola pikir masyarakat yang selalu tak pernah mau merasa kalah, juga tak pernah mau bersyukur menerima keadaan. Bahkan selalu merasa kurang, karena selalu melihat yang serba lebih dari kapasitas dirinya. Yang semuanya hanya  diukur dengan materi dan kebendaan. Akhirnya  masyarakat kita senantiasa silau menatap kehidupan yang serba glamour. Akhirnya kena penyakit matrialisme. Yang lebih dikhawatirkan oleh orang tua pada umumnya terhadap anak cucu  hanyalah masalah   masalah materi, khawatir jika tidak kebagian, mereka tidak seperti    Nabi Ya’qub :  
مـا تـعـبـدون مـن بـعـدي  
 tetapi   مـا تــأكـلـون مـن بـعـدي

 “ Apa yang akan kamu makan setelah aku tiada”


Saudaraku kaum Muslimin yang berbahagia,
Jarang jarang orang tua di  zaman dan saat ini, yang  memberikan perhatian  terhadap anak anaknya dalam hal keyakinan dan peribadatan seperti Nabi Ya’qub AS.  Oleh karena pemahaman tentang hidup   yang telah kacau lantaran pengaruh kehidupan  yang telah banyak
mempengaruhi  pola  pikir mayoritas masyarakat kita.
Paham yang serba materi dan kebendaan  telah  merasuki pikiran masyarakat pada ummnya, membuat keadaan memjadi berbalik dan kacau.  Karena tuntutan materi dan persaingan, sehingga orang hidupnya untuk bekerja, bukan bekerja untuk hidup, untuk dapat memenuhi keinginan dan tujuan hidupnya. Sehingga tak pernah menghitung  tujuan jangka panjangnya,  menggapai kabahagian  hidup di  dunia ini sampai di akhirat kelak. Tetapi yang dikejar hanyalah  tujuan jangka pendek, bagaimana agar dapat tercapai keinginan dan impianya, supaya   dianggap orang sukses, hidup tidak kalah bersaing, harus selalu  menang persaingan. Bahayanya orang semacam ini  banyak melupakan ajaran dan tuntunan   agama,  tak lagi memperhitungkan halal haram,  yang penting kesampaian dan tercapai keinginan. Selama tubuh sehat, mampu berbuat, tanpa kenal waktu untuk istirahat, siang malam terus bekerja, harus berkarya dan membawa hasil karya. Hidup hanya untuk bekerja. Bahkan sampai rela sekalipun harus mengorbankan  jiwa dan raga. Akhirnya terbukti, harta benda yang sangat dicinta, ternyata tak mampu melanggengkannya, apa lagi mempertahankan hidupnya. Ternyata harta  benda yang dihasilkan dengan susah payah , belum sempat dinikmatinya, terpaksa semua harus ditinggalkannya, hartanya tak mampu menghalangi  kehendak Allah Yang Maha Perkasa, ia dipanggil menghadapNya sebelum usia tua. Atau sebaliknya justru harta benda yang meninggalkannya, karena dipaksa oleh keadaan yang harus menguras harta benda kekayaannya untuk menebus obat penyakit yang diderita, yang akhirnya hilanglah penyakitnya bersama nyawa yang hanya satu satunya.
Oleh karena itu marilah kita luruskan faham kita tentang hidup ini, bukan hidup untuk bekerja, tetapi bekerja untuk hidup. Sehingga bekerja tidak dengan rakus harus menghasilkan sebanyak banyaknya, tetapi sebatas sebagai sarana menyambung hidup, dan bukan sebagai tujuan hidup.
Adapun tujuan dan misi hidup ini adalah menghambakan diri beribadah kepada Allah Subhanahu wa Ta’ala. Oleh karenanya perhatian dan rasa khawatir terhadap i’tiqad an keyakinan anak anak kita harus tertanam dalam hati setiap orang tua, agar menumbuhkan upaya dan budi daya orang tua, demi anak cucu generasi selanjutnya tetap melestarikan peribadatan dan keyakinan generasi pendahulunya, sebagaimana firman Allah :
وَلْيَخْشَ الَّذِينَ لَوْ تَرَكُوا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَافاً خَافُوا عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوا اللَّهَ وَلْيَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً
“Dan hendaknya takut dan khawatir orang orang yang apabila  mereka meninggalkan generasi yang lemah.  Supaya mereka khawatir terhadap anak cucunya, Dan hendaknya mereka takut kepada   Allah, dan hendaklah mereka mengucap dengan ucapan yang benar”.(QS.An Nisa’ 9).

Saudara ku Kaum Muslimin Rahimakumullah,
Allah telah memberi peringatan kepada  kita para orang tua, jangan sampai kita keliru mendidik dan mengasuh anak anak kita, yang harus kita khawatirkan terhadap anak anak kita adalah lemahnya agama dan keyakinan anak anak kita.  Adapun tentang    materi, ekonomi dan kehidupan, kita yakin anak cucu kita nanti kan lebih pandai dari pada  kita semua. Coba kita tengok kebelakang tentang kehidupan kita dimasa lampau,  kita bandingkan dengan kehidupan sekarang. Mestinya kita harus bersyukur, keadaan saat sekarang  serba lebih makmur. Akan tetapi kenyataan kita malah banyak  ingkar, kufur tidak bersyukur. Padahal orang tua  kita dahulu mendidik kita yang penting anak pintar, tak pernah membuat  target tertentu. Kenyataan keadaan  kita lebih baik ketimbang masa lampau. Artinya kita tak perlu berlebihan mengkhawatirkan  masa depan ekonomi generasi kita, tetapi yang terpenting membekali dengan modal kepandaian dan ilmu pengetahuan. Yang harus kita khawatirkan adalah manakala  anak cucu, kita tinggalkan dalam keadaan bodoh tanpa pengetahuan, lemah agamanya , lemah imannya. Karena yang akan menderita kerugian tidak hanya kereka tetapi kita semua sebagai orang tua.  Kenapa kita tinggalkan generasi kita dalam keadaan bodoh, tentu oleh karena kita kurang memberi perhatian dan mengabaikan kwajiban. Kita membawa amanat, tidak hanya urusan sandang pangan , papan dan kesehatan saja, tetapi juga pendidikan, terlebih agama, akhlaq  dan aqidahnya, menjadi kwajiban bagi orang tuanya .
Saudara saudara Kaum Muslimin Rahimakumullah,
Marilah kita   sadar, kwajiban mendidik anak anak  kita,  kita bekali mereka pengetahuan, jangan sampai kita meninggalkan generasi yang bodoh tanpa pengetahuan    agama. Nabi   memperingatkan     para  orang tua, 
مـن تـرك ولـده جـاهـلا كان كـل ذنب عـمـلــه عـلـيــه
“Barang siapa yang meninggalkan  anak dalam keadaan  bodhoh (tidak mengerti agama) , niscaya  dosa yang dilakoni anak oleh sebab bodhonya, dibebankan kepada orang tuanya”
Semoga  kita mendapat petunjuk dan pertolongan dari Allah Ta’ala. Memenuhi amanat kwajiban mendidik anak anak kita, kelak kemudian menjadi generasi yang shalih shalihat, selamat dunia akhirat. Amin
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ* وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ* إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ *وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ*




Pacobaning urip

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ  اللهِ وَبَرَكَاتُهْ


Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita samiya nambahi taqwa lan ta’at kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh-dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala.
Para sederek, Menawi kita penggalih sak estunipun kanugrahan peparingipun Allah dateng kita punika katah lan ageng sanget, bumi dipun titahaken mboten sanes inggih kangge kita sedaya, langkung-langkung bumi kita nuswantara punika bumi ingkang ijo royo-royo, subur makmur loh jinawi. Ananging kenging menapa kasunyatan kita kirang pangan, kabukten negari kita impor beras saking negari monco, lare-lare katah ingkang menderita gizi buruk, sahingga katah nuwuhaken korban jiwa, prasasat kados tetembungan tikus mati di lumbung padi. Mekaten ugi mushibah lan bencana alam dumados ing pundi-pundi papan, banjir, tanah longsor, angin ribut, cleret tahun lan sak pinunggalipun katah nuwuhaken bebanten. Lahan pertanian katah ingkang risak katerak mushibah sahingga gagal panen, tundonipun larang tetedan. Raos kuwatos lan  raos ajrih tansah menghantui manahipun warga masyarakat. Dereng malih reregan barang barang kebutuhan saya awis, san saya damel prihatosing bangsa kita. Raosipun gesang punika saya awrat lan saya sulit mboten nate ngraos tentrem kebak raos kuwatos. Menapa jalaranipun?
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,
Mbok bilih perkawisipun jalaran anggen kita sedaya mboten sami pinter syukur dateng nikmat kanugrahan peparingipun Allah dateng bangsa kita punika. Ateges kita sami kufur tegesipun ingkar mboten syukur nikmat paringipun Allah. Kaparingan bumi ingkang subur, toya ingkang melimpah, sumberdaya alam ingkang ageng, nanging mboten dipun gula wentah lan dipun kelola kanti sae, malah kosok wangsulipun dipun ekploitasi kanti ngliwati bates, ngruda peksa dateng kawontenan alam tanpa metang dateng bebaya ingkang dipun timbulaken. Wusananipun lantaran alam punika ugi, Allah maringaken pacoben dateng kita. Kawontenan mekaten jumbuh kaliyan dawuhipun Allah ing Al-Qur’an
وَضَرَبَ اللهُ مَثَلاً قَرْيَةً كَانَتْ آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً يَأْتِيهَا رِزْقُهَا رَغَداً مِنْ كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ بِأَنْعُمِ اللهِ فَأَذَاقَهَا اللهُ لِبَاسَ الْجُوعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُونَ$

“Allah wis maringi conto, sawijining negeri kang makmur, aman, tentrem ayem, rizqine melimpah ruah teka sangka kabeh arah. Nanging penduduke banjur pada ngufuri marang nikmat nikmate Allah, akibate Allah nimpakake larang pangan lan rasa wedi, amerga tumindak kang wus pada dilakoni”
(QS. An Nahl: 112).

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,
Miderek dawuh kasebat jawabipun sampun terang bilih bangsa kita punika sami kafarat bi an’umillah, mila kesuburaning bumi punika mboten mbeta kesejahteraan lan katenangan, jalaran salah urus minangka bukti anggenipun mboten syukur dateng nikmat peperingipun Allah. Pramila kita kedah pinter ngelola lan nggula wentah lan mbudi daya  alam punika, kanti tetep njagi keseimbanganipun, menapa dene kelestarianipun,  mboten malah damel risak  ingkang tundanipun nuwuhaken bebaya lan bencana ingkang tansah ngancam dating kita sedaya.
Mekaten ugi samukawis kanugrahan peparingipun Allah kita syukuri, kanti kita ginakaken ingkang sak mestinipun, minangka sarana kumawula lan ngibadah kita dateng ngarsanipun Allah. Dene kawontenaning prastawa musibah ingkang katah kedadosan sageta kita alap tepa tulada lan piwucal, amrih kita langkung ngatos atos lan mawas dateng lelampah kita ingkang sampun kelajeng, samiya katah istighfar nglenggana awit dosa lan lepat kita, sahingga Allah maringaken hikmah saking sedaya mushibah punika minangka pepenget dateng kita. Jalaran tentu Allah mboten bade nimpakaken mushibah dateng kawulanipun penduduk negari punika ngantos tuwuh kerisakan, menawi pancen kita sedaya penduduk negri punika tansah nindakaken amal kesaenan. Kados dawuhipun Allah:

وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرَى بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا مُصْلِحُونَ

“Pangeranmu ora pisan-pisan bakal ngrusak negara-negara kelawan aniaya, ing mangka penduduke negara kuwi wong wong kang pada nggawe becik”. (QS. Hud 117).
Wusananipun kawontenan prihatos punika enggal gumantasa kanugerahan lan kebingahan ingkang nuwuhaken kesejahteraan tumrap kita sedaya. Ndadosaken saya taat lan caket kita dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala. Mugi-mugi Allah ngijabahi panyuwun kita. Amin .




Thalabul Ilmi
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله الحمد لله الذ ي نـور قلـوبنـا بعـلـوم العـلمـاء*  وأنـقـذ نا بهـا مـن درجات البهـائم والأعـماء * الى درجات الهـدى والايمـان بالذي خلـق الأرض والسـماء *  أشـهـد ان لأ اله الا الله وحده لأ شـريك له , واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله المبعـوث ليخرج الناس من الظلمات الىنورالايمـان الضـياء *  اللهـم صـل وسـلم وبارك على سـيدنامحمـد أتقى الأتقيـاء * وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم باحسان الى يوم الجـزاء * أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم واياي بتقـواالله في جميع الحـالات صـباحا ومسـاء * وتعـلموا العـلم من العـلماء  * لان الجهـالة من ادواء الداء وأضـر الأعـداء * لادواء ولا شـفــاء الا بعـلم العـلمــاء * لان العـلمــاء ورثـة الأنبيـاء* ،وَقَدْقَالَاللهَتَعَالَىفِيكِتَابِهِالْكَرِيْمِ: أَعُـوْذُبِاللهِمِنَالشَّيْطَانِالرَّجِيْمِ،بِسْـمِاللهِالرَّحْمَنِالرَّحِيْمِ$  انـمـا يـخـشــى الله مـن عـبــاده الـعــلمــاء
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah, kanti berusaha amrih saget nderek sedaya peraturanipun, nindakaken  dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, Kanti tansah netepi taqwallah ing saklebetipun gesang punika,  pangajab kita mugi tansah kaparingan kabekjan  wiwit gesang ing ngalam dunya punika, ngantos dumugi ing ngalam akhirat. Amiin.
Mekaten ugi samu kawis kesulitan lan keribetan kita kaparingana jalan keluar saking ngarsanipun Allah, jalaran Allah mila sampun paring dawuh,
ومن يتـقى الله يجـعـله مخـرجا
“Lan sing sapa wonge taqwa marang Allah, mangka Allah mesti ndadek ake dalan metu tumrap wong mau”(QS.Ath Thalaq :2).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga samiya mbudi daya amrih usada kagem ngicali sifat bhodho kita kanthi thalabul ilmi, pados ngelmi lantaran para ‘ulama, Amergi kita mila dipun dawuhi dening Gusti Allah supados sami pados ilmi dateng para ‘ulama, kanti dawuhipun ing kitab Al Qur’an :
فأسـألـواأهـل الـذكر ان كنتـم لاتعـلمـون
“Pada takona sira ing ahli dzikir (para ‘ulama) lamun sira iku isih pada bhodo”
Kanti ilminipun para ‘ulama punika ingkang bade dados obat lan jampinipun penyakitipun para manungsa. Sarana ilminipun para ‘ulama bade anjalari dados saenipun kawontenan gesang punika. Kawontenan baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur namung saget tercapai menawi ilminipun para ulama kadamel pedoman lan pitedah salebetipun gesang punika.
Ananging kasunyatan mangsa punika sampun katah manungsa ingkang mlajar nilaraken para ulama, amergi ‘ulama dipun anggep ngrepoti, ngewuh ewuhi tumrap kemajengan, apa apa ra kena, iki ra oleh, ngene ra entuk, ngono haram, iki dilarang, lan sak pinunggalanipun. Agama cukup diakoni, ra perlu dilakoni. Menawi sampun mekaten sikapipun tiyang dateng agami, menika sanget mbebayani bade nuwuhaken pendangkalan agama, inggih saking pola hidup ingkang sampun terpengaruh kaliyan faham kebendaan lan glamor materialisme. Nabi sampun nate paring pepenget kanti dawuhipun :
سـيأتـي زمـان عـلى أمـتـي يـفـرون من الـعــلمـاء والـفـقـهــاء فـيـبـتـليـهـم الله  بثـلاث  بـليـات  : أولاهــا يـرفـع الله البـركة من كسـبـهـم , والـثـانـة يســلـط الله تـعــالى عـليـهـم ســلطانـا ظالـمــا , والـثــالـثـة يخـرجـون من الـدنـيـا بـغيـر ايـمــان.
“Bakal tumeka sawijining mangsa marang ummatku, ing mangsa iku ummatku pada mlayu ninggal para ulama lan fuqaha, mangka nuli Allah bakal maringi pacoban marang ummat kui kelawan telung pacoban ,
 Sepisan        : Allah bakal ngilangi berkahe sangka nyambut gawene.
Kapindo    : Allah bakal nguwasakake marang ummat kui panguasa kang dlolim.
Kaping telu : Ummat kuwi bakal metu sangka dunya kelawan tanpa iman”
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga dadosa kawigatosan dawuh Nabi kasebat, supados kita pinaringan pangreksa dening Allah saking tigang pacoben kasebat. Mboten sanes kita samiya caket kaliyan para ulama kanti tolabul ilmi ngalap ngilmu saking para ulama, supados gesang kita anggenipun ngumawula dateng Allah saha gesang sesrawungan wonten ing mdyaning masyarakat tansah netepi pranataning agami. Ampun ngantos dados tiyang Islam namung asal katingalanipun sregep lan aktif tumandang, nanging nyatanipun cara gesang , cara ngibadah ngawur tanpa dasar ilminipun para ulama, ingkang nyumber saking Al Qur’an lan Hadits. Allah mboten kersa nampi ngamalipun kawula ingkang tanpa dasar ilmi. Kita ngibadah namung kagem Allah, mboten betah biji lan nilai saking manungsa. Amergi ing mangsa punika mboten sekedik tiyang Islam  ingkang namung mentingaken penampilan. Sajake sarwa ngerti, ngalor ngidul macak santri. Mila ampun ngantos kita ngraos lingsem kangge nindakaken kwajiban thalabul ilmi, supados amal kita jangkep adedasar ilmi. Syukur saben dinten saget ngalap faedah tambah tambahe kawruh ilmi. Satunggaling pujangga paring pangandika :
وكــن مــســتــفـيـــدا كل يــوم زيــادة   * 
 مــن الـعــلـم واســـبـح فى بـخــور الـفــوائــد
“Anaha sira  ngalap faedah, saben dina ilmune tambah,, lan nglangia sira ing segaraning faedah” (Ta’limul Muta’alim)
Pramila menapa kemawon ngamal ingkang kita tindak aken kedah dipun dasari kanti ngilmi ingkang cekap, langkung langkung ibadah wajib ingkang kita tindakaken, kadosta shalat ferdlu kita, kados pundi caranipun sesuci wudlu ingkang leres, kados pundi syarat lan rukunipun shalat ingkang kita tindak aken, wajib tumrap kita mangertosi sedayanipun, caranipun mutlak mesti kedah kangti tholabul ilmi lan ngaji.
Wusananipun mangga samiya migatosaken dateng kewajiban pados ilmi punika, ampun ngantos dados tiyang Islam babar pindah mboten nate nindakaken jejibahan tholabul ilmi. Mugi mugi Allah maringaken pitedah lan pitulung dateng kita, saget nindakaken kwajiban ibadah kanti istiqamah. Amiin.

Shidqul Qashdi
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله , الحمد لله الذىيـقــبـل الأعــمـال عـن عــبـاده بــصــدق الــنـيــات  *  أشـهـد أن لا اله الا الله وحده لا شـريك له عالـم الـغـيـب والشـهـادات * وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله سيـد الخلائق والبريـات *  اللهـم صـل وسـلم وبارك على سـيدنامحمـد صاحب الأيات والمـعجآزات * صلاة تـطهـرنا بهـا من جـمـيـع السـيئات * وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم بأفضـل الصـلاة وأزكى الـتحيـات * أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم وايـاي بتقـوى الله حـق تـقـاته فى جمـيـع الأوقـات والحـالات *  وافـعـلـوا الـخـيـرات واجـتـنـبـوا عـن الـسـيـأت * واسـتبقـوا الخيـرات واجـتـنـبـوا المـحرمات *وجاهـدوا الـنفـس والشـيـطان لأن هـما شـديـدتان علـيكم فى عـدوات  * وَقَدْقَالَاللهَتَعَالَىفِيكِتَابِهِالْكَرِيْمِ: أَعُـوْذُبِاللهِمِنَالشَّيْطَانِالرَّجِيْمِ،بِسْـمِاللهِالرَّحْمَنِالرَّحِيْمِ$
: يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Mangga kita sedaya samiya tansah netepi taqwa dhumateng Allah wonten ing sadengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan rame utawi sepi, nuju bingah utawi sisah, sami ugi nuju cekap utawi kirang, nuju sugih utawi miskin.  Ampun ngantos kita pejah kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa.  Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa.  Lan saget minangka rem ingkang saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa. Ringkesipun namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala .
Sak lajengipun kita sampun sami ngawuningani bilih kwajiban tumrap kita gesang ing ngalam praja punika mboten wonten sanes kejawi ngumawula dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala kanti tata cara ingkang sampun katentok aken dening Allah lumantar tuntunanipun Nabi lan Rasul utusanipun Allah. Inggih kanti netepi syari’at agami Islam. Mboten cekap menawi manungsa punika nglahiraken raos kumawulanipun dateng Allah Pangeranipun kanti miturut pengangen angenipun. Ananging kedah miderek dateng tuntunanipun ingkang kaasta dening para utusanipun. Allah sampun dawuh wonten Al Qur’an :
ومــا أتـآكم الـرســول  فـخــذوه , ومــا نــهــاكـم عــنــه فــانــتــهــوا
“Apa kang diasta dening Rasul marang sira kabeh , mangka pada ndereka, lan apa kang di larang tumrap sira kabeh pada tinggalna” ( QS.Al Hasyr : 7)
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya
Wondene pendamel saget dumunung ibadah menggahipun Allah punika ugi sanget gumantung dateng seja lan niyatipun. Niyat tumrapipun ibadah punika minangka ruh ingkang bade nentokaken ibadah wau. Satunggaling pendamelan punika bade dumunung ibadah menawi kaniyatan ibadah dateng Allah. Sak wangsulipun satunggaling pendamel ibadah mboten bade dumunung minangka ibadah menawi mboten kaniyati ibadah. Sahingga satunggaling pendamel ibadah ingkang dipun tindakaken dening tiyang kalih umpaminipun, punika dereng mesti lajeng nuwuhaken ganjaran ingkang sami, gumantung niyatipun tiyang ingkang nindakaken. Dawuh dalem kanjeng Nabi :انــمــا الأعــمــا ل بـالـنـيــات
 Sampurnane amal iku mung kelawan niyat”.
Hadits dawuhipun Nabi punika estunipun panjang , ingkang nyariosaken tindakipun para shahabat kala semanten nalika nderek hijrah dateng Kanjeng Nabi. Miturut lahiripun dawuh para shahabat nderek hijrah punika niyatipun warni warni , wonten ingkang pancen hijrah nderek dateng Allah lan Rasulipun , wonten ingkang kerana ngasilaken kadunyan, wonten ingkang kerana tiyang estri ingkang kepengin dipun nikahi, lan sanes sanesipun. Dados pendamelipun setunggal hijrah nderek jengkaripun kanjeng Nabi, nilar nagari Makkah tumuju dateng tanah Madinah Al Munawwarah, nanging niyat lan sejanipun para sahabat macem macem kados kasebat ngajeng. Kesimpulanipun :
وانــمــا لــكل أمــرء مــا نــوى
Bilih tumrap satunggaling tiyang punika bade pikantuk miturut napa niyatipun”
Pramila mangga samukawis tumindak kita kaniyatana kanti ingkang sahe, langkung langkung tumindak ingkang lahiripun rupi amal ibadah, supados kita mboten kapitunan tembe wingkingipun. Perkawis ingkang lahiripun amal dunya kemawon, sauger mboten dipun awisi dening Allah, menawi dipun niyati sae bade tampi ganjaran saking ngarsanipun Allah, menapa malih ingkang pancen kawontenanipun arupi amal akherat, ampun ngantos dipun slewengaken kanti niyat ingkang mboten sae, mindak kita kecelik akheratipun mboten tampi piwales kanugrahan ganjaran saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Mugi mugi kita sageta tumindak ingkang tansah saget dumunung ibadah menggahipun Allah, sahingga gesang kita punika saget jumbuh kados dawuhipun Allah :
ومـاخــلـقــت الــجـن والأنــس الا لـيــعــبــدون
“Lan Ingsun Allah ora anitahake jin lan manungsa kejaba supaya pada ngibadah ngumawula marang ngarsa Ingsun
 (QS.Adz Dzariyat : 56)
Wusananipun mugi Allah tansah maringana pitedah lan pitulungipun dateng kita saget tansah nindakaken dawuhipun lan nilar awisanipun, kaparingana wilujeng dunya nganrtos dumugi akhirat. amiin.
بَارَكَاللهُلِيوَلَكُمْفِيالْقُرْآنِالْكَرِيْمِ$وَنَفَعَنِيوَإِيَّاكُمْبِاْلآيَاتِوَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ$إِنَّهُ
هُوَالتَّوَّابُالرَّحِيْمُ$ُوَقُلْرَبِّاغْفِرْوَارْحَمْ
وَأَنْتَخَيْراالرَّحِمِيْنَ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar