
الحَمْدُ
للهِ رَبِّ ْالعَالَمِيْن الَّذِيْ جَعَلَ اْلجُمُعَةَ سَيِّدَ اْلأَياَمِ وَضَعَّفَ أُجُوْرَ مَنْ عَمِلَ فِيْهَا عَشْرَ
أَضْعَافٍ رَحْمَةً لِلأُمَمِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى خَيْرِ اْلأَنَامِ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أِجْمَعِيْنَ.
Amma ba’du. Poro maos ingkang minulyo. Kanthi
pitulunganipun Allah SWT, alhamdulillah buku khutbah jum’at satunggal tahun
ingkang kulo asmani “ Khutbah Jum’at Al_Maftuh “ puniko sampun paripurno
anggenipun nyusun lan sampun cekap. Mugi-mugi waget manfaati kangge awak kulo
piyambak khususipun lan umumipun dumateng poro kaum muslimin.
Poro maos, paramilo taksih wonten kekirangan soho
kalepatan kulo suwun memaklumi tuwin kersoho ngleresaken. Jazakumullah
ahsanal jaza’.
RUKUN-RUKUN KHOTBAH JUM’AT
1.
Muji
dumateng Allah SWT wonten khutbah awal lan khutbah al_Tsaniyah.
2.
Mahos
sholawat wonten ing khutbah awal lan khutbah al_Tsaniyah.
3.
Paring
wasiat taqwa dumateng Allah SWT wonten ing khutbah awal lan khutbah
al_Tsaniyah.
4.
Mahos
ayat-ayat suci al_Qur’an wonten salah satunggilipun khutbah kalih
5.
Mahos do’a
kagem tiyang muslimin lan muslimat wonten ing khutbah al_Tsaniyah.
SYARAT-SYARATIPUN KHUTBAH
Syarat –syaratipun wonten sekawan welas, antawisipun;
1.
Khotib
utawi tiyang ingkang khutbah kedah tiyang ingkang jaler.
2.
Khotib
kedah tiyang ingkang saged mirengaken lan mboten budek.
3.
Khotib
kedah wonten sak lebetipun bangunan utawi masjid ingkang dipun ginaaken kangge
sholat jum’at.
4.
Khotib
kedah suci saking hadas shoghir lan kabir.
5.
Khotib
kedah nutup aurat.
6.
Khotib
kedah jumeneng naliko nyampeaken khutbah.
7.
Khotib
kedah lenggah kanthi tumu’ninah wonten ing antawisipin khutbah kalih.
8.
Kedah
nuli-nuli wonten ing antawisipun khotbah kalih.
9.
Kedah
nuli-nuli antawis khotbah lan sholat jum’at.
10.
Khotbah
kedah dipun sampeaken ngangge Bahasa Arab utawi bahasa ingkang dipun pahami
poro hadlirin
11.
Khotib
kedah sero suwantenipun hinggo saged dipun mirengaken poro hadirin
12.
Khotbah
kedah dipun sampeaken sak derengipun nindaaken sholat jum’at.
13.
Khotib
kedah tiyang ingkang saged ambedaaken antawisipun rukun khutbah lan syaratipun
khutbah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar