Musibah Opo Sebabe ?
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Mangga
kita samiya nambahi taqwa lan ta’at kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken
sedaya perintah lan dawuh-dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya
awisanipun, wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah,
kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah
netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa
Dalem Allah Ta’ala.
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Ing titi
wanci punika bangsa kita nembe berkabung lan kita prihatos jalaran kathahipun
mushibah lan bencana ingkang kedadosan
wonten ing bangsa kita. Kita mangertos lumantar pawartos, ing pundit-pundi
papan tansah gilir gumantos, katah prastawa mushibah ingkang dumados. Kita
sanget prihatos, jalaran mboten sekedik tuwuh bebanten lan korban lahir lan
batos. Malah kepara korban jiwa ingkang mboten sekedik saking warga masarakat
ingkang mboten dosa nampi pacobenipun Ingkang Maha Kuwaos.
Sambet
sinambet mboten kendel-kendel, malah kepara sesarengan setunggal daerah kaliyan
daerah sanes. Ingkang pungkasan kita mireng banjir bandang ing pundit-pundi
papan. Mekaten ugi tanah longsor lan gunung jugrug mbeta korban atusan jiwa,
jalaran dumuginipun mushibah tanpa kanyana-nyana, lan wonten ing saatipun
tiyang sami lena tilem ing wanci lingsir dalu, kedadosan mekaten kok jumbuh
kaliyan
dawuhipun Allah:
أَفَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَى أَنْ
يَأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا بَيَاتًا وَهُمْ نَائِمُونَ
“Apata penduduk desa-desa kuwi mau pada ngrasa aman saka
tumekane pasiksan Ingsun marang wong-wong kuwi mau, ing wektu bengi nalika wong-wong
kuwi mau pada turu?” (QS.Al
A’raf : 97).
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Menawi
kita urutaken Allah paring dawuh mekaten punika wau, Allah sampun paring
pepenget langkung rumiyin wonten ing ayat sak derengipun, kandi dawuhipun :
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا
وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَاْلأَرْضِ،
وَلَكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
"Sekirane
punduduk desa-desa kuwi mau pada iman lan taqwa, mesti wae bakal Ingsun bukak
tumrap wong-wong mau barakah sangka langit lan bumi, nanging wong-wong mau pada
nggorohake, mula Ingsun tatrapi pasiksan wong-wong mau sebab olehe pada
tumindak”(QS.Al
A’raf : 97).
Saking
pungkasanipun ayat kasebat, bilih Allah maringaken bala’ lan mushibah punika
tentu jalaran saking lampahipun menungsa piyambak. Pramila mangga kita samiya
mawas dateng awak kita, samiya purun metani piyambak lepat kita, katimbang
mankeh kita nampi bebendunipun Allah jalaran anggen kita nandang lepat nanging
mboten rumaos lepat. Jalaran nalika dumados mushibah katahipun tiyang lajeng
sami komentar lan nuding fihak ingkang dipun lepataken. Ing mangka sinten
estunipun ingkang lepat? Prayoginipun
kita mawas dateng awak kita piyambak-piyambak, saklajengipun kita wangsul dateng dawuhipun Allah, jalaran Allah
mila sampun maringi pepenget dateng kita kanti dawuhipun:
وَمَا أَصَابَكُمْ مِنْ
مُصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيكُمْ وَيَعْفُو عَنْ كَثِيرٍ
“Apa wae mushibah kang ngenani ing sira kabeh iku sabab
perbuatannira dewe, Allah wus ngapura sangka sebagian akeh sira kabeh” (QS. Asy Syura’ : 30).
Dados
menapa kemawon kedadosan ingkang tumempuh dateng kita, tentu jalaran akibat
saking pendamel kita piyambak. Pramila ampun ngantos kita pados kambing hitam,
madosi kesalahaning liyan, kito padosi kesalahan kita piyambak, katimbang kita
dipun welehaken dening Allah kanti mushibah ingkang ngenani dateng kita
piyambak. Jalaran menawi Allah ngersakaken maringi mushibah dateng kawulanipun
mboten wonten ingkang saget nduwa kersanipun Allah, ing mangka bala’ menawi
dumados mboten namung tumatrap khusus
kangge tiyang-tiyang ingkang dholim kemawon. Kados dawuhipun Allah ing
Al-Qur’an :
وَاتَّقُوا فِتْنَةً لاَ تُصِيبَنَّ
الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْكُمْ خَاصَّةً وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
“Lan sira pada wediya ing siksane Allah, Kang temenan ora mung
khusus ngenani wong-wong kang pada dholim wae sangka sira kabeh, lan sira kabeh
pada ngertiya sejatine pasiksane Allah iku banget abote”
(QS. Al Anfal : 25).
Mila
kita ugi kedah ikhtiyar lan mbudidaya
amrih kita, keluarga saha masyarakat kita sami tansah nuhani darmaning kawula
tha’at lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, supados tansah pikantuk
karidlanipun Allah lan tebih saking duka lan bendunipun Allah.
Ath thohirin 13 januari 2012
Istiqamah
Para sederek jama’ah Jum’ah rahilakumullah
Mangga sesarengan kita tingkataken
taqwa kita dumateng Allah SWT. injih kanti berusaha nindakaken dawuh dawuhipun
lan nebihi awisan awisanipun, mugi-mugi kita sedaya saget kalebet golonganipun
tiyang ingkang beja wonten dunya lan akhiratipun.
Saklajengipun, miturut Imam Ghazaliy:
sama sekali mboten wonten artosipun kesaenan ingkang mboten langgeng. Malah
lampah awon ingkang mboten langgeng punika kepara langkung sae katimbang
kesaenan ingkang mboten langgeng. Bab menika mbok bilih sami kaliyan unen-unen
ing masyarakat, bilih: bekasgali utawi maling punika langkung sae katimbang
bekassantri utawi kyai.
Satunggaling hadits ingkang nggadahi
pangertosan meh sami kaliyan unen unen kasebat injih punika:
اَلتَائِبُ مِنَ الذَّنْبِ كَمَنْ لاَذَنْبَ لَهُ
“Tiyang ingkang tobat saking dosa punika kadosdene tiyang
ingkang mboten nggadahi dosa”
Satunggaling
tiyang kenging mawon nglampahi kemaksiyatan, nanging ampun ngantos sak
laminipun. Setunggal wekdal, lampah awon punika kedah mandeg, prayoginipun
mandeging lampah awon kasebat sak derengipun konangan tiyang katah, sampun
mboten pun tutupi malih dening Gusti Allah.
Para sederek jama’ah Jum’ah rahilakumullah
Miturut
Kanjeng Nabi lampah maksiyat utawi dosa punika wonten ngarsanipun Allah wonten
macem-macem bentuk ipun,
Setunggal:
dosakasebat pun tutupi (mastur) : ngantos dumugi satunggal wekdal dosa kasebat
pinaringan pangampunan.
Kaping
kalih: dosakasebat pun tutupi (mastur)
wonten ing dunya punika, nanging wonten ing akhirat mangke badepun bikak lan
pun wales sesuai ageng alitipun.
Kaping
tiga: dosa kasebat pun bikak nalika ingkang
nglampahi tasih gesang wonten ing dunya punika ananging pikantuk pangapunten
ing akhirat mangke.
Kaping
sekawan: dosa kasebat pun bikak nalika ingkang
nglampahi tasih gesang wonten ing dunya punika ananging mboten pikantuk pangapunten
ing akhirat ipun.
Kagem
dosaingkang terakhir punika biasanipun pun lampahi dening tiyang tiyang ingkang
nekad lan berusaha sekuat tenaga ndamel
alas an kangge pembenar kelakuan awonipun. Utawi minimal berusaha nutup nutupi
kelakuan awonipun, walaupun estunipun sampun umbras, sampun dados rahasia umum.
Para
sederek jama’ah Jum’ah rahilakumullah
Kagem
tiyang ingkang sadar bilih manungsa punika mboten saget lepas saking pergaulan
masyarakat wonten ing kehidupannipun ingkang sawang sinawang punika, tentu bade
ngraos sisah lan sedih menawi keawonanipun konangan lan msyahur pun ngertosi
dening masyarakat, piyambakipun lajeng terkucil, sedaya solah bawanipun pun
tebihi dening masyarakat, lan sampun mboten pun pitados malih. Gesangipun
mboten tenang lan mboten tentrem. Piyambakipun tersiksa sakderengipun pun
sengsarakaken dening siksa ingkang sejati.
Pramila
punika, terus menerus lan tansah nindakaken lampah sae, tentu bakal mbekta
satunggaling tiyang dateng katenangan lan katentreman. Piyambakipun bakal
tansah pikantuk perlindungan lan penjagaan malaikat wonten duna lan akhirat. Sedaya panuwunan bade pun kabulaken dening
Allah, lan swarga ingkang penuh nikmat bade dados panggonan akhiripun. Terus
menerus tansah wonten ing kasaenan punika ingkang sak lajengipun pun wastani istiqamah,
Istiqamah ingkang khoirun min alfi karamah, ingkang langkung sae katimbang
sewu keramat, ketersanjungan lan kehormatanipun.
Tiyang-tiyang
ingkang istiqamahmboten bade khawatir pun ngertosi punapa kemawon
ingkang wonten ing sak lebetipun pribadinipun.
Istafti
qalbak, tsummastaqim : mekaten ngendikan-ipun Rasulullah
SAW.
Mugi-mugi
kita saget pinaringan sifat ingkang istiqamah. Amiin.
Hayya’alashSholah
Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,
Minangka
purwakaning atur keparenga kula ngunjukaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem
Allah Ta’ala awit peparingipun rahat lan kanugerahan kawilujengan dateng kita
sedaya, sahingga ngantos dinten punika kita saget sesarengan makepal ing papan
minulya punika, saperlu nindaaken kwajiban kita kanti wilujen mboten mangge rubeda
satunggal menapa. Panyuwun kita mugi sedaya amal ibadah kita tinapi wonten
ngarsa dalae Allah Ta’ala. Saak lajenipun kita ngunjukaken shalawat lan salam
mugi kunjuk katur wonten ngarsa dalem
junjungan ita Kanjeng Nabi Muhamad Sallallahu’alaihi wasallam lan sedaya
kaluwarga tuwin para sahabatipun, lumeberipun dateng sedaya para penderekipun,
kalebetna ugi kita sedaya minangka ummat
ingkang nampi syafa’at mbenjang ing yaumil akhir. Amin.
Sak
lajengipun kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami
kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh
dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng
Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan
kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit
gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Jalaran inggih namung kanti iman lan
taqwa punika kita sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun njanjekaken
kanti dawuhipun :
ونــجـيــنـا الــذيــن
أمــنـو ا وكانــوا يــتـقــون
“Lan Ingsun nyelametake marang
wong wong kang pada iman lan wong kang pada
tansah netepi taqwa”.(QS : Fushshilat : !8).
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Sampun sesarengan
kita maklumi bilih kwajiban tumrap kita tumanduk ing ngarsanipun Allah Ta’ala
ingkang asifat harian lan mboten saget tinilar babar pindah inggih punika
kwajiban shalat gangsal wekdal.
Dawuh wajibipun
shalat gangsal wekdal punika kanti anggenipun
Allah kepareng nimbali sarana langsung dateng Kanjeng Nabi perlu paring
wahyu perintah shalat fardlu. Pramila kita sageta ngalap hikmah saking prastawa
tumurunipun wahyu shalat punika supados kita langkung anggenipun njagi dateng
kwajiban kita shalat gangsal wekdal. Upaya lan budi daya amrih tumandang ibadah tansah dipun tingkataken,
kanti tansah nyinaoni ilminipun saha tatacara shalat ingkang langkung sae.
Jalaran mboten sekedik antawis kita ingkang nindakaken shalat, nanging mboten
kanti mangertosi ilmi ilminipun, syarat rukunnipun, makruh lan sunatipun lan
ugi batalipun shalat. Tumindakipun namung sarana apalan lan kulinan, nanging
tuntunan lan piwucalipun shalat mboten dipun mangertosi. Eman sanget tuwas
kangelan wusananipun mboten keleresan. Saking punika mbok mangga, samiya purun
nyinaoni ilmi peshalatan, mboten perlu lingsem. Amergi shalat kita menika mila
tansah perlu dipun dandosi. Sinten mawon tiyangipun tetep perlu ningkataken kwalitas
ibadah shalatipun. Menapa tiyang menawi sampun lawas anggenipun nindak aken
shalat mesti shalatipun sampun sae ? Mboten. Malah kadang kadang
langkung mboten kantenan tumandangipun. Amergi shalat mboten sekedar apal
waosan saha gerakanipun, nanging kados pundi sagetipun nggaota lan manah saget
manunggal kumadep, kumawula dateng ngarsanipun Allah. Ampun ngantos badanipun
tumandang shalat, ruku’ sujud, lisanipun ndremimil maos lafadlipun
waosan shalat, nanging manahipun suwung mbotennderek shalat, utawi malah
kluyuran kesah ngetutaken pengangen angenipun. Sahingga katingalipun tiyang
shalat, nanging piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab menika Allah
maringaken pepenget :
فويل للمصـلين*
الذين هـم عـن صـلاتـهـم سـاهـون*
“Saktemene
neraka wail iku kanggo wongkang pada shalat, yaiku wong kang pada lali karo
shalate” (
QS.Al Ma’un : 4-5 ).
Pramila kita ampun
ngantos lahiripun tumindak shalat, nanging nyatane supe dateng shalat ingkang
dipun tindakaken. Caranipun, manah sageta dipun kencang ampun wonten pundi
pundi, kanti angen angen dateng maknanipun lafadlipun shalat ingkang dipun
waos. Menawi shalat saget ktindakaken kanti sahe, tentu bade beta hikmah lan
faedah ingkang katah, ing antawisipun kangge ngresiki dosa kalepatan ingkang
ngregeti dateng manah kita. Kados dene
dawuh dalem Kanjeng Nabi :
“Pepadane
shalat limang wektu iku kaya dene bengawan kang mili tur akeh banyune ana ing
ngarep omahe salah sewijinira kabeh, kang wong mau adus ing kono saben dinane
limang ambalan”.
(HR.Muslim).
Dawuh menika minangka
bebingah turmap kita bilih salat minangka kabetahan kita, kados dene betah kita
bebersih siram saben dintenipun, tentu tiyang menika menawi rajin siram saben
dinten menapa malih menawi ngantos ambal kaping gangsal saben dinten ipun,
tentu tiyang
menika ajeg kawontenanipun tansah bersih saking kotoran lan sak warnining
rereget. Mekaten ugi shalat menawi kanti sahe lan rajin kita tindak aken saben
dintenipun Insya Allah dosa lepat kita inggih tansah pinaringan pangapura
dening Allah sahingga bersih kados
mboten wonten dosa sekedik sekedika.
Mila kangge nggayuh
kasampurnanipun ibadah shalat kita, sanget wigatos nyinaoni kanti ngaos, dateng
sukaraos lafal ingkang sak lebetipun shalat kita waos, menapa ingkang kita
waossupados kito ugi mangertos, mboten lisane nrocos, nanging atine kropos,
jalaran mboten purun ngaos. Ing mangka shalat
minangka sakanipun agamiingkang sanget wigatos, menawi sakanipun kropos,
tentu bangunan menika ringkihtansah ndamel manah kuwatos, amergi gampil ambruk
sak wanci wancimboten usah lindu dipun
srantos. Kanjeng Nabi paring pawartos :
الصَّلاَةعِمَادُالدِّيْنِ،فَمَنْأَقَامَهَافَقَدْأَقَامَالدِّيْنِ،وَمَنْتَرَكَهَافَقَدْهَدَمَالدِّيْنِ
“Shalat
iku minangka cagake agama, sapa wonge njejekake shalat, mangka ateges njejekake
agama, Lan sapa wonge tinggal shalat ateges wong iku ngrubuhake agama”
(HR. Muslim).
Para
sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Shalat ingkang
dados inti lan pokokipun agami Islam mila mboten kenging dipun sepelekaken,
kedah tansah kita jagi lan kita reksa, syukur saget katindakaken kanti jama’ah,
amergi langkung enteng tanggung jawab kita, ugi ganjaran ingkang cetha kita
mangertosi dipun tikel tikelaken dening Allah. Mugi kita kalebetna kawula
ingkang tansah nuhoni kwajiban shalat kanti ajeg lan jejeg, pikantuk ridlanipun
Allah Ta’ala.
Kwajibane Kawula
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
Para
sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,
Minangka
purwakaning atur keparenga kula ngakjak dateng awak kula lan panjenengan
sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti
ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti
taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan pitedah saget mbentenaken
perkawis ingkang sae lan awon, leres lan lepat, hak lan batil, halal lan haram
mekaten ugi kita bade pikantuk pangapunten kalepatan kita saking ngarsa dalem
Allah Ta'ala. . Kados dawuhipun :
يــَآأَيُّهَــاالَّذِيْنَآمَنــُوْاانتتَّـقُــوْااللهَيـجـعــللــكـمفـرقــانـاويـكـفـرعـنـكمسـيـأتـكمويـغـفـرلـكمذنـوبـكم
“He
wong kang pada iman menawa sira kabeh pada taqwa marang Allah, mangka Allah
Ta'ala bakal maringi furqan tegese pituduh kanggo sira kabeh kang sira
kabeh banjur bisa mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, bener lan
luput, lan Allah bakal nglebur ngamal ala ira kabeh lan uga ngapura dosa dosa
ira kabeh ” (QS.Al Anfal : 29).
Bapak-bapak, lan para sederek jama'ah
Jum'ah rahimakumullah
Kita tentu sampun uninga bilih sak estunipun taat dateng
Allah kanti nindakaken sedaya perintahipun Allah, saha nilar lan nebihi
awisanipun Allah punika kangge kesahenan kita piyambak, Kosok wangsulipun nilar
lan nglirwakaken dawuhipun Allah saha nerjang awisan lan nerak wewaleripun
Allah punika dados sumbering karisakkan lan kasengsaraning gesang kita,wiwit
dunya ngantos dumugining akhirat.
Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita kanti
dawuhipun :
ومــن أعــرض عــن ذكـرى فـان لــه مــعـيــشــة ضــنـكا ونـحـشــره
يـوم الــقــيــامــة أعــمـى
"Sapa wonge
mengo sangka eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupeg, lan bakan
Ingsun giring wong kuwi besuk dina qiyamat kanti kahanan wuta"
( QS.Thaha : 124 )
Dawuh menika minangka pangemut tumrap kita ampun ngantos
kita nglirwakaken dawuhipun Allah saha ampun ngantos kumawantun nerjang
awisanipun Allah. Pagesangan kita bade nemahi samsara dunya ngantos dumugining
akhirat.
Mboten wonten sarana kangge nggayuh kabegjaning gesang
punika kejawi namung nderek dateng pranatan lan tuntunan syari'at agaminipun
Gusti Allah, mekaten ugi mboten wonten margi kangge nggayuh kawilujengan lan
kalis saking bebaya kejawi namung kanti sarana nyaket lan taqarrub
dateng ngarsa dalem Allah Ta'ala . Dene margi lan sarana taqarrub dateng
Allah punika katah sanget cara ingkang saget kita tempuh, ananging ingkang
langkung utami lan prayogi kita tindakken tentu kanti nuhoni dateng kwajiban
lan ibadah fardlu langkung rumiyin. Ampun ngantos ingkang fardlu dipun
lirwakaken, ingkang dawah sunnat malah dipun tengenaken. Kados wekdal kapengker
shalat tarowih sewulan muput dipun ayahi, shalat fardlu gangsal
wekdalipun malah alasan prei. Shalat riyaya nganti dinggo sulaya, nanging shalat
fardlu limang wektu malah ora tahu. Pramila ibadah sunnat utami dipun
tindakaken nanging ibadah fardlu kedah dipun rumiyinaken. Rasulullah sampun
paring dawuh ing hadits Qudsi :
ومــا تــقــرب الي عــبــدي بـشــيـىء أحــب الـي مــن أداء مــا
افــتـرضــيـتـه عــلــيــه
"Ora tumindak
ngibadah keparek kawulaningsun marang Ingsun kelawan sawijining penggawe ibadah
kang luwih Ingsun tresnani katimbang ngelakoni perkara kang Ingsun wajibake
tumrap deweke" ( HS.Al Bukhari ).
Bapak-bapak, jama'ah Jum'ah
rahimakumullah
Ibadah fardlu
ingkang dipun tindakaken saget minangka sarana taqarrub kita dateng
Allah tentu menawi sampun netepi tata cara ingkang leres menggah tuntunan
syari'at, kanti netepi syarat lan rukun saha katindak aken kanti ikhlash murih
karidlanipun Allah. Ampun ngantos tumindak ibadah nanging kecampuran niyat lan
tujuan sanes, amergi namung bade ngrisakaken dateng ibadah kita. Allah dawuh
ing Al Qur'an :
ومـا أمــروا الا لــيــعــبـدوا اللـه مــخــلـصــيـن لــه الــديــن
"Lan manungsa
iku ora di perintah kejaba supaya ngibadah marang Allah kelawan murniake agama
kerana Allah" (QS.Al Bayyinah : 5).
Pramila mangga samu kawis tuminndak
ibadah kita kaniyatana ingkang ikhlas kangge nggayuh karidlanipun Allah,
sahingga wusananipun cinaket wonten ngarsanipun Allah. Lajeng menawi cinaket
kaliyan Allah tentu kita manggih kabekjaning gesang dunya lan akhirat, ugi
kalebet kekasih menggahipun Allah Ta'ala; Kados dawuhipun :
لـهـم
الـبـشرى فى الحيـاة الـدنـيـا وفى الأخـرة
“…........., tumerape wong wong mau oleh kebungahan urip ana ing
dunya lan ing akhirate”. (QS. Yunus 64).
Mugi kita kalebetna
kawula ingkang tansah nuhoni kwajiban kumawula dateng Allah kanti istiqamah
wusananipun pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.
Amar
Ma'ruf Nahi Munkar
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد
لله , الحمد لله الذى خـلق الأرض فـراشـا والسـمـاء بنـاء والشـمس سـراجـا
والـقمـر مـنيـرا * أشـهـد ان لا اله الا
الله وحده لا شـريك له الـذي أرسـل رسـوله
بشـيرا ونذيرا * واشـهد أن محمدا عبـده
ورسـوله أرفـع البـرية قدرا * شـهادة مـن
قـال لـهـا فـرحـمـه مـن الـخـطيئات
مـغـفـورا * وتـقـبـلـه مـن الـصـالحـات وأنـالـه ثـوابـا وأجـورا * اللهـم
صـل وسـلم علىمـن يـحـب الـفقـراء والـمسـاكـيـن ورحـم الـيـتـامى وأطفـالا
وصـغيـرا * سـيدنامحمـد صـلى اللـه
عـلـيـه وسـلـم رسـولا ومبـشـرا ونـذيـرا *
صلاة تـنجينـا بهـا من جـمـيـع الأهـوال والأفـات بـاطـنـا وظـهـيـرا
* وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم مـا
تـعـاقـبت الأوقـات والـسـاعـات لـيلا ونـهـارا * أمـابعـد فيـا عبـادالله
أوصــيكم وايـاي بتقـوى الله فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ *
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Mangga kita
sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi taat dateng sedaya perintah lan dawuh
dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya
awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun
Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing
kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah,
supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing
alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin. Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa,
Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang.
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Perkawis ingkang sekelangkung wigatos wonten ing
tuntunaning agami kita, nanging katah dipun lirwakaken dining umumipun kita,
amergi rumaos mboten wewenangipun, inggih punika amar ma'ruf nahi mungkar.
Amergi kaprahipun kita nganggep bilih kangge nindakaken bab menika sampun
wonten petugasipun. Ing mangka kita sak estunipun anggadahi kwajiban nindak
aken amar ma'ruf nahi mungkar punika, menawi kita kepengin nggayuh
kabekjan, Allah paring dawuh :
ولــتـكن
مـنكـم أمــة يـــدعــون الى الــخـيـر ويـأمــرون بـالــمــعـروف ويـنــهـون عــن
المــنـكـر , وأولــئــك هــم الــمــفـلـحــون
"Lan becik
anaha sangka sira kabeh sak golongan kang kang ajak ajak marang kabecikan, lan
perintah nglakoni penggawe apik lan nyegah sangka penggawe mungkar, ya wong
wong kang kaya mengkono iku wongkang merkoleh kabekjan"
Pancen nindakaken dawuh menika mila mboten enteng,
menawi sekedar ajak ajak nindakaken kesaenan tasih langkung gampil, sebab
tiyang menika dipun ajak tumindak sae sinaosa mboten sanggup, nanging mboten
nuwuhaken mankelipun tiyang wau. Nanging elik elik pendamel awon punika mila
langkung awrat, amergi tiyang ingkang tumindak awon menika menawi dipun
elikaken, langkung langkung menawi dipun cegah lan dipun alang alangi saget
nesu lan muring muring , minggahipun ngantos mengsahi, lan kadang kala mboten
nggega ning malah saya ndadra awonipun. Sinaosa awrat, kedah kita upayaaken
amrih nahi mungkar saget ngimbangi dateng amar m'aruf ipun, Mila
kasunyatan kita saget mirsani bilih katah tiyang remen nindakaken amal sae,
nanging tumindak awonipun inggih tetep dipun lampahi. Menika jalaran katah
tiyang ngraos ewet elik elik tiyang sanes tumindak awon, utawi ajrih ngadepi
resiko dipun mengsahi dening tiyang ingkang dipun elikaken wau. Sinten mawon
estunipun kedah nindakaken dawuh menika, miturut kemampuan lan kongangipun,
dateng kemungkaran kedah ingkar, Nabi paring dawuh :
مـن
رأى مــنــكـم مــنـكــرا فـلـيــغـيــره
بـيــده , فــان لــم يــســتـطــع فـبـلــســانــه , فــان لــم يــســتـطــع
فـبــقــلـبــه وذالـك أضــعـف الأيـمــان
" Sing sapa wonge sangka sira kabeh weruh barang kang
mungkar, mangka wong kui kudu ngowahi kelawan kekuasaanne, menawa ora mampu
mula nggo lisane, lamun ora mampu
nganggo lisane, nganggo atine, lan kang ngono iku apes apes iman".
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Elik elik, nyegah
lampah lan tumindak awonipun tiyang, mila kedah kanti kawicaksanan lan ngatos
atos, ampun ngantos tiyang wau sakit manahipun, sageta tiyang punika ngraos lan
menyadari bilih pendamelipun klentu lan awon., wusananipun saget mareni karana
kesadaran saking tumindak awonipun. Kanti mekaten ateges nedahaken dateng
tiyang wau tumuju lampah ingkang sae, Sahingga ingkang nedahaken ugi pikantuk
kauntungan ganjaran saking ngarsanipun Allah. Kados dawuh Nabi :
مــن
دل عــلى خــيــر فـلــه أجـر مــثــل أجــر فـاعــلــه
"Sing sapa wonge nuduhake marang
kabecikan, mangka wong mau bakal oleh ganjaran pada karo ganjarane wongkang
nglakoni kebecikan mau"
(HR.Muslim).
Wusananipun
paling mboten, mangga kita amar ma'ruf lan nahi mungkar dateng
awakipun piyambak piyambak, lajeng dateng lingkungan kita, supados nalika
ngajak kita sampun tumindak , nalika nyegah kita mboten di sanggah, jalaran
kita sampun nyontoni. Mugi mugi kita pinaringana pitedah pitulung saget nuhoni
dawuhipun Allah nindakaken amar ma'ruf saha nahi mungkar, kanti patuladan lampah kita pribadi
anggenipun tumindak sae menapa dene nilar kemungkaran lan awisanipun Allah
Ta'ala supados mboten cinacat dening
masyarakat . Amiin.
جَعَلَنَا
اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ * وَأَدْخَلَنَا
وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ * قَالَتَعَالَىوَهُوَأَصْدَقُاْلقائِلِيْنَ: أَعُوْذُبِاللهِمِنَالشًّيْطَانِالرَّجِيْمِ$بِسْمِاللهِالرَّحْمَنِالرَّحِيْمِ$وَالْعَصْرِ$ إِنَّ اْلإِنْسَانَ
لَفِي خُسْرٍ$ إِلاَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا
الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ$وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ
خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ$
Keprihatinan Orang Tua
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد
لله الحمد لله الـولى الـحـمـيد * الـمـبـد ىء الـمــعـيـد * الـفـعـال لـمـا
يـريـد *أحـمـده وأشـكـره سـبـحـانـه وتـعـالى عـلى فـضـلـه الـمـديـد * أشـهـد أن لأ اله الا الله وحده لا شـريك
لـه الـحـمـيـد الـمـجـيد * شهادة تـنجي قـائـلـهـا مـن عـذاب شـديـد *
واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله خـيـر الأنـام يـدعو الى الأيـمـان
والـتـوحـيـد* اللهـم صـل وسـلم وبارك على
سـيد نامحمـد
الـمـبـعـوث الى الــحـيــاة الـحـمـيـد* صلاة تـنجينـا بهـا من الـبـلا يـا والـشـدائـد *
وعلى ألـه وأصــحابه
ومن تبعهم مـن صـالـح الـعـبـيـد* أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم وايـاي بتقـوى
الله ذي الـعـرش الـمـجيـد* وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ
الْكَرِيْمِ
*حكايـة عـن
شـأن يـعـقــوب عـلـيـه الـسـلام* أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ
الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ
اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * إِذْ قَالَ لِبَنِيهِ
مَا تَعْبُدُونَ مِنْ بَعْدِي
Saudara saudara
Kaum Muslimin Rahimakumullah,Marilah senantiasa kita tingkatkan taqwa kita
kepada Allah dengan berupaya memenuhi
perintah Allah, dan meninggalkan
segala yang dilarang, agar senantiasa
kita mendapatkan anugerah rahmat dan kebahagiaan sejak kita hidup
di dunia ini, sampai di akhirat kelak,
dengan ridla Allah Subhanahu wa
Ta’ala , Amiin.
Marilah kita sejenak memperhatikan
sabda Nabi Ya’qub ‘Alaihis salam, ketika mengumpulkan anak cucunya
seraya bertanya, sebagaimana yang dikisahkan di dalam Al Qur’an :
“Ketika Ya’qub
berkata pada putra putranya : “Apa yang
akan kalian sembah nanti sepeninggalku ?”
(QS. Al Baqarah 133).
Pertanyaan Nabi Ya’qub kepada putra putranya ini menggambarkan keprihatinan orang tua terhadap
generasi penerusnya dalam hal agama,
aqidah dan peribadatannya. Sebagai pelajaran bagi kita semuanya, bahwa kita harus senantiasa
memperhatikan peribadatan anak cucu
kita. Sedang kan Nabi Ya’qub sebagai seorang Nabi saja, begitu menghawatirkan
terhadap anak cucu keturunannya .
Apalagi anak anak kita, dimana kita hanya sebagai manusia biasa , tentu keadaan
anak anak kita akan lebih menghawatirkan. Kita tentu harus lebih memperhatikan,
terlebih kita hidup dimasa sekarang ini,
godaan lebih besar, pengaruh dan segala sesuatu sangat mengancam terhadap
i’tiqad dan keyakinan kita. Tak dapat kita pungkiri kehidupan di masa sekarang ini terasa semakin sulit dan berat, persaingan dalam hidup
semakin ketat. Semuanya lantaran pengaruh keadaan, hidup penuh dengan
persaingan, sehingga mempengaruhi cara hidup, dan pola pikir masyarakat yang
selalu tak pernah mau merasa kalah, juga tak pernah mau bersyukur menerima
keadaan. Bahkan selalu merasa kurang, karena selalu melihat yang serba lebih
dari kapasitas dirinya. Yang semuanya hanya
diukur dengan materi dan kebendaan. Akhirnya masyarakat kita senantiasa silau menatap kehidupan
yang serba glamour. Akhirnya kena penyakit matrialisme. Yang lebih dikhawatirkan
oleh orang tua pada umumnya terhadap anak cucu
hanyalah masalah masalah materi,
khawatir jika tidak kebagian, mereka tidak seperti Nabi Ya’qub :
مـا تـعـبـدون مـن
بـعـدي
tetapi مـا تــأكـلـون
مـن بـعـدي
“ Apa yang akan kamu makan setelah aku tiada”
Saudaraku kaum
Muslimin yang berbahagia,
Jarang jarang orang tua di zaman dan saat ini, yang memberikan perhatian terhadap anak anaknya dalam hal keyakinan dan
peribadatan seperti Nabi Ya’qub AS. Oleh
karena pemahaman tentang hidup yang
telah kacau lantaran pengaruh kehidupan
yang telah banyak
mempengaruhi pola
pikir mayoritas masyarakat kita.
Paham yang serba materi dan
kebendaan telah merasuki pikiran masyarakat pada ummnya,
membuat keadaan memjadi berbalik dan kacau.
Karena tuntutan materi dan persaingan, sehingga orang hidupnya untuk
bekerja, bukan bekerja untuk hidup, untuk dapat memenuhi keinginan dan tujuan
hidupnya. Sehingga tak pernah menghitung
tujuan jangka panjangnya,
menggapai kabahagian hidup
di dunia ini sampai di akhirat
kelak. Tetapi yang dikejar hanyalah
tujuan jangka pendek, bagaimana agar dapat tercapai keinginan dan
impianya, supaya dianggap orang sukses,
hidup tidak kalah bersaing, harus selalu
menang persaingan. Bahayanya orang semacam ini banyak melupakan ajaran dan tuntunan agama,
tak lagi memperhitungkan halal haram,
yang penting kesampaian dan tercapai keinginan. Selama tubuh sehat,
mampu berbuat, tanpa kenal waktu untuk istirahat, siang malam terus bekerja,
harus berkarya dan membawa hasil karya. Hidup hanya untuk bekerja.
Bahkan sampai rela sekalipun harus mengorbankan
jiwa dan raga. Akhirnya terbukti, harta benda yang sangat dicinta,
ternyata tak mampu melanggengkannya, apa lagi mempertahankan hidupnya. Ternyata
harta benda yang dihasilkan dengan susah
payah , belum sempat dinikmatinya, terpaksa semua harus ditinggalkannya,
hartanya tak mampu menghalangi kehendak
Allah Yang Maha Perkasa, ia dipanggil menghadapNya sebelum usia tua. Atau
sebaliknya justru harta benda yang meninggalkannya, karena dipaksa oleh keadaan
yang harus menguras harta benda kekayaannya untuk menebus obat penyakit yang
diderita, yang akhirnya hilanglah penyakitnya bersama nyawa yang hanya satu
satunya.
Oleh karena itu marilah kita
luruskan faham kita tentang hidup ini, bukan hidup untuk bekerja, tetapi
bekerja untuk hidup. Sehingga bekerja tidak dengan rakus harus menghasilkan
sebanyak banyaknya, tetapi sebatas sebagai sarana menyambung hidup, dan bukan
sebagai tujuan hidup.
Adapun tujuan dan misi hidup ini
adalah menghambakan diri beribadah kepada Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Oleh karenanya perhatian dan rasa khawatir terhadap i’tiqad an keyakinan anak
anak kita harus tertanam dalam hati setiap orang tua, agar menumbuhkan upaya
dan budi daya orang tua, demi anak cucu generasi selanjutnya tetap melestarikan
peribadatan dan keyakinan generasi pendahulunya, sebagaimana firman Allah :
وَلْيَخْشَ الَّذِينَ لَوْ تَرَكُوا مِنْ خَلْفِهِمْ
ذُرِّيَّةً ضِعَافاً خَافُوا عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوا اللَّهَ وَلْيَقُولُوا قَوْلاً
سَدِيداً
“Dan hendaknya takut dan khawatir orang orang yang apabila mereka meninggalkan generasi yang lemah. Supaya mereka khawatir terhadap anak cucunya,
Dan hendaknya mereka takut kepada
Allah, dan hendaklah mereka mengucap dengan ucapan yang benar”.(QS.An
Nisa’ 9).
Saudara ku Kaum
Muslimin Rahimakumullah,
Allah telah memberi peringatan
kepada kita para orang tua, jangan
sampai kita keliru mendidik dan mengasuh anak anak kita, yang harus kita
khawatirkan terhadap anak anak kita adalah lemahnya agama dan keyakinan anak anak
kita. Adapun tentang materi, ekonomi dan kehidupan, kita yakin
anak cucu kita nanti kan lebih pandai dari pada
kita semua. Coba kita tengok kebelakang tentang kehidupan kita dimasa
lampau, kita bandingkan dengan kehidupan
sekarang. Mestinya kita harus bersyukur, keadaan saat sekarang serba lebih makmur. Akan tetapi kenyataan kita
malah banyak ingkar, kufur tidak
bersyukur. Padahal orang tua kita dahulu
mendidik kita yang penting anak pintar, tak pernah membuat target tertentu. Kenyataan keadaan kita lebih baik ketimbang masa lampau.
Artinya kita tak perlu berlebihan mengkhawatirkan masa depan ekonomi generasi kita, tetapi yang
terpenting membekali dengan modal kepandaian dan ilmu pengetahuan. Yang harus
kita khawatirkan adalah manakala anak
cucu, kita tinggalkan dalam keadaan bodoh tanpa pengetahuan, lemah agamanya ,
lemah imannya. Karena yang akan menderita kerugian tidak hanya kereka tetapi
kita semua sebagai orang tua. Kenapa
kita tinggalkan generasi kita dalam keadaan bodoh, tentu oleh karena kita
kurang memberi perhatian dan mengabaikan kwajiban. Kita membawa amanat, tidak
hanya urusan sandang pangan , papan dan kesehatan saja, tetapi juga pendidikan,
terlebih agama, akhlaq dan aqidahnya,
menjadi kwajiban bagi orang tuanya .
Saudara saudara
Kaum Muslimin Rahimakumullah,
Marilah kita sadar, kwajiban mendidik anak anak kita,
kita bekali mereka pengetahuan, jangan sampai kita meninggalkan generasi
yang bodoh tanpa pengetahuan agama. Nabi memperingatkan para
orang tua,
مـن تـرك ولـده جـاهـلا كان كـل
ذنب عـمـلــه عـلـيــه
“Barang
siapa yang meninggalkan anak dalam
keadaan bodhoh (tidak mengerti agama) ,
niscaya dosa yang dilakoni anak oleh
sebab bodhonya, dibebankan kepada orang tuanya”
Semoga kita mendapat petunjuk dan pertolongan dari
Allah Ta’ala. Memenuhi amanat kwajiban mendidik anak anak kita, kelak kemudian
menjadi generasi yang shalih shalihat, selamat dunia akhirat. Amin
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ
فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ* وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ* إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ *وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ
الرَّحِمِيْنَ*
Pacobaning urip
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Mangga kita samiya nambahi taqwa lan
ta’at kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan
dawuh-dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing
swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar
longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah netepana taqwa
dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah
Ta’ala.
Para sederek, Menawi kita penggalih sak estunipun kanugrahan peparingipun
Allah dateng kita punika katah lan ageng sanget, bumi dipun titahaken mboten
sanes inggih kangge kita sedaya, langkung-langkung bumi kita nuswantara punika
bumi ingkang ijo royo-royo, subur makmur loh jinawi. Ananging kenging menapa
kasunyatan kita kirang pangan, kabukten negari kita impor beras saking negari
monco, lare-lare katah ingkang menderita gizi buruk, sahingga katah nuwuhaken
korban jiwa, prasasat kados tetembungan tikus mati di lumbung padi.
Mekaten ugi mushibah lan bencana alam dumados ing pundi-pundi papan, banjir,
tanah longsor, angin ribut, cleret tahun lan sak pinunggalipun katah nuwuhaken
bebanten. Lahan pertanian katah ingkang risak katerak mushibah sahingga gagal
panen, tundonipun larang tetedan. Raos kuwatos lan raos ajrih tansah menghantui manahipun warga
masyarakat. Dereng malih reregan barang barang kebutuhan saya awis, san saya
damel prihatosing bangsa kita. Raosipun gesang punika saya awrat lan saya sulit
mboten nate ngraos tentrem kebak raos kuwatos. Menapa jalaranipun?
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Mbok bilih perkawisipun jalaran
anggen kita sedaya mboten sami pinter syukur dateng nikmat kanugrahan
peparingipun Allah dateng bangsa kita punika. Ateges kita sami kufur tegesipun
ingkar mboten syukur nikmat paringipun Allah. Kaparingan bumi ingkang subur,
toya ingkang melimpah, sumberdaya alam ingkang ageng, nanging mboten dipun gula
wentah lan dipun kelola kanti sae, malah kosok wangsulipun dipun ekploitasi kanti
ngliwati bates, ngruda peksa dateng kawontenan alam tanpa metang dateng bebaya
ingkang dipun timbulaken. Wusananipun lantaran alam punika ugi, Allah
maringaken pacoben dateng kita. Kawontenan mekaten jumbuh kaliyan dawuhipun
Allah ing Al-Qur’an
وَضَرَبَ
اللهُ مَثَلاً قَرْيَةً كَانَتْ آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً يَأْتِيهَا رِزْقُهَا
رَغَداً مِنْ كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ بِأَنْعُمِ اللهِ فَأَذَاقَهَا اللهُ
لِبَاسَ الْجُوعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُونَ$
“Allah wis maringi conto, sawijining negeri kang makmur, aman,
tentrem ayem, rizqine melimpah ruah teka sangka kabeh arah. Nanging penduduke
banjur pada ngufuri marang nikmat nikmate Allah, akibate Allah nimpakake larang
pangan lan rasa wedi, amerga tumindak kang wus pada dilakoni”
(QS. An Nahl:
112).
Para sederek Kaum
Muslimin ingkang Minulya,
Miderek dawuh kasebat jawabipun
sampun terang bilih bangsa kita punika sami kafarat bi an’umillah, mila
kesuburaning bumi punika mboten mbeta kesejahteraan lan katenangan, jalaran
salah urus minangka bukti anggenipun mboten syukur dateng nikmat peperingipun
Allah. Pramila kita kedah pinter ngelola lan nggula wentah lan mbudi daya alam punika, kanti tetep njagi
keseimbanganipun, menapa dene kelestarianipun,
mboten malah damel risak ingkang
tundanipun nuwuhaken bebaya lan bencana ingkang tansah ngancam dating kita
sedaya.
Mekaten ugi samukawis kanugrahan
peparingipun Allah kita syukuri, kanti kita ginakaken ingkang sak mestinipun,
minangka sarana kumawula lan ngibadah kita dateng ngarsanipun Allah. Dene
kawontenaning prastawa musibah ingkang katah kedadosan sageta kita alap tepa
tulada lan piwucal, amrih kita langkung ngatos atos lan mawas dateng lelampah
kita ingkang sampun kelajeng, samiya katah istighfar nglenggana awit
dosa lan lepat kita, sahingga Allah maringaken hikmah saking sedaya mushibah
punika minangka pepenget dateng kita. Jalaran tentu Allah mboten bade
nimpakaken mushibah dateng kawulanipun penduduk negari punika ngantos tuwuh
kerisakan, menawi pancen kita sedaya penduduk negri punika tansah nindakaken
amal kesaenan. Kados dawuhipun Allah:
وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرَى بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا مُصْلِحُونَ
“Pangeranmu ora pisan-pisan bakal
ngrusak negara-negara kelawan aniaya, ing mangka penduduke negara kuwi wong
wong kang pada nggawe becik”. (QS.
Hud 117).
Wusananipun kawontenan prihatos punika enggal gumantasa
kanugerahan lan kebingahan ingkang nuwuhaken kesejahteraan tumrap kita sedaya.
Ndadosaken saya taat lan caket kita dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala. Mugi-mugi
Allah ngijabahi panyuwun kita. Amin .
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد
لله الحمد لله الذ ي نـور قلـوبنـا بعـلـوم العـلمـاء* وأنـقـذ نا بهـا مـن درجات البهـائم والأعـماء
* الى درجات الهـدى والايمـان بالذي خلـق الأرض والسـماء * أشـهـد ان لأ اله الا الله وحده لأ شـريك له ,
واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله المبعـوث ليخرج الناس من الظلمات الىنورالايمـان
الضـياء * اللهـم صـل وسـلم وبارك على
سـيدنامحمـد أتقى الأتقيـاء * وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم باحسان الى يوم
الجـزاء * أمـابعـد فيـا عبـادالله أوصــيكم واياي بتقـواالله في جميع الحـالات
صـباحا ومسـاء * وتعـلموا العـلم من العـلماء
* لان الجهـالة من ادواء الداء وأضـر الأعـداء * لادواء ولا شـفــاء الا
بعـلم العـلمــاء * لان العـلمــاء ورثـة الأنبيـاء* ،وَقَدْقَالَاللهَتَعَالَىفِيكِتَابِهِالْكَرِيْمِ:
أَعُـوْذُبِاللهِمِنَالشَّيْطَانِالرَّجِيْمِ،بِسْـمِاللهِالرَّحْمَنِالرَّحِيْمِ$ انـمـا يـخـشــى الله مـن
عـبــاده الـعــلمــاء
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga tansah samiya netepi taqwa
lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah, kanti berusaha amrih saget nderek sedaya
peraturanipun, nindakaken dawuh lan
printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, Kanti tansah netepi taqwallah
ing saklebetipun gesang punika, pangajab
kita mugi tansah kaparingan kabekjan
wiwit gesang ing ngalam dunya punika, ngantos dumugi ing ngalam akhirat.
Amiin.
Mekaten ugi samu kawis kesulitan lan
keribetan kita kaparingana jalan keluar saking ngarsanipun Allah, jalaran Allah
mila sampun paring dawuh,
ومن
يتـقى الله يجـعـله مخـرجا
“Lan sing sapa
wonge taqwa marang Allah, mangka Allah mesti ndadek ake dalan metu tumrap wong
mau”(QS.Ath Thalaq :2).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga samiya mbudi daya amrih usada kagem ngicali
sifat bhodho kita kanthi thalabul ilmi, pados ngelmi lantaran
para ‘ulama, Amergi kita mila dipun dawuhi dening Gusti Allah supados sami
pados ilmi dateng para ‘ulama, kanti dawuhipun ing kitab Al Qur’an :
فأسـألـواأهـل الـذكر ان كنتـم
لاتعـلمـون
“Pada takona sira ing ahli dzikir (para ‘ulama) lamun sira iku
isih pada bhodo”
Kanti ilminipun para ‘ulama punika ingkang bade
dados obat lan jampinipun penyakitipun para manungsa. Sarana ilminipun para
‘ulama bade anjalari dados saenipun kawontenan gesang punika. Kawontenan baldatun
thayyibatun wa rabbun ghafur namung saget tercapai menawi ilminipun para
ulama kadamel pedoman lan pitedah salebetipun gesang punika.
Ananging kasunyatan mangsa punika sampun katah
manungsa ingkang mlajar nilaraken para ulama, amergi ‘ulama dipun anggep
ngrepoti, ngewuh ewuhi tumrap kemajengan, apa apa ra kena, iki ra oleh, ngene
ra entuk, ngono haram, iki dilarang, lan sak pinunggalanipun. Agama cukup
diakoni, ra perlu dilakoni. Menawi sampun mekaten sikapipun tiyang dateng
agami, menika sanget mbebayani bade nuwuhaken pendangkalan agama, inggih saking
pola hidup ingkang sampun terpengaruh kaliyan faham kebendaan lan glamor materialisme.
Nabi sampun nate paring pepenget kanti dawuhipun :
سـيأتـي زمـان عـلى أمـتـي يـفـرون من
الـعــلمـاء والـفـقـهــاء فـيـبـتـليـهـم الله
بثـلاث بـليـات : أولاهــا يـرفـع الله البـركة من كسـبـهـم ,
والـثـانـة يســلـط الله تـعــالى عـليـهـم ســلطانـا ظالـمــا , والـثــالـثـة
يخـرجـون من الـدنـيـا بـغيـر ايـمــان.
“Bakal tumeka sawijining mangsa marang ummatku, ing mangsa iku
ummatku pada mlayu
ninggal para ulama lan fuqaha, mangka nuli Allah bakal maringi pacoban marang
ummat kui kelawan telung pacoban ,
Sepisan
: Allah bakal ngilangi berkahe sangka nyambut gawene.
Kapindo : Allah bakal nguwasakake marang ummat kui
panguasa kang dlolim.
Kaping
telu : Ummat kuwi bakal metu sangka dunya kelawan tanpa iman”
Para sederek Kaum Muslimin ingkang
minulya,
Mangga dadosa kawigatosan dawuh Nabi kasebat,
supados kita pinaringan pangreksa dening Allah saking tigang pacoben kasebat.
Mboten sanes kita samiya caket kaliyan para ulama kanti tolabul ilmi
ngalap ngilmu saking para ulama, supados gesang kita anggenipun ngumawula
dateng Allah saha gesang sesrawungan wonten ing mdyaning masyarakat tansah
netepi pranataning agami. Ampun ngantos dados tiyang Islam namung asal
katingalanipun sregep lan aktif tumandang, nanging nyatanipun cara gesang ,
cara ngibadah ngawur tanpa dasar ilminipun para ulama, ingkang nyumber saking
Al Qur’an lan Hadits. Allah mboten kersa nampi ngamalipun kawula ingkang tanpa
dasar ilmi. Kita ngibadah namung kagem Allah, mboten betah biji lan nilai
saking manungsa. Amergi ing mangsa punika mboten sekedik tiyang Islam ingkang namung mentingaken penampilan. Sajake
sarwa ngerti, ngalor ngidul macak santri. Mila ampun ngantos kita ngraos
lingsem kangge nindakaken kwajiban thalabul ilmi, supados amal kita
jangkep adedasar ilmi. Syukur saben dinten saget ngalap faedah tambah tambahe
kawruh ilmi. Satunggaling pujangga paring pangandika :
وكــن مــســتــفـيـــدا كل يــوم
زيــادة *
مــن الـعــلـم واســـبـح فى بـخــور
الـفــوائــد
“Anaha
sira ngalap faedah, saben dina ilmune
tambah,, lan nglangia sira ing segaraning faedah” (Ta’limul
Muta’alim)
Pramila menapa kemawon ngamal ingkang kita tindak
aken kedah dipun dasari kanti ngilmi ingkang cekap, langkung langkung ibadah
wajib ingkang kita tindakaken, kadosta shalat ferdlu kita, kados pundi
caranipun sesuci wudlu ingkang leres, kados pundi syarat lan rukunipun shalat
ingkang kita tindak aken, wajib tumrap kita mangertosi sedayanipun, caranipun
mutlak mesti kedah kangti tholabul ilmi lan ngaji.
Wusananipun mangga samiya migatosaken dateng
kewajiban pados ilmi punika, ampun ngantos dados tiyang Islam babar pindah
mboten nate nindakaken jejibahan tholabul ilmi. Mugi mugi Allah
maringaken pitedah lan pitulung dateng kita, saget nindakaken kwajiban ibadah
kanti istiqamah. Amiin.
Shidqul
Qashdi
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد
لله , الحمد لله الذىيـقــبـل الأعــمـال عـن عــبـاده بــصــدق الــنـيــات *
أشـهـد أن لا اله الا الله وحده لا شـريك له عالـم الـغـيـب والشـهـادات *
وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله سيـد الخلائق والبريـات * اللهـم صـل وسـلم وبارك على سـيدنامحمـد صاحب
الأيات والمـعجآزات * صلاة تـطهـرنا بهـا من جـمـيـع السـيئات * وعلى ألـه
وأصــحابه ومن تبعهم بأفضـل الصـلاة وأزكى الـتحيـات * أمـابعـد فيـا عبـادالله
أوصــيكم وايـاي بتقـوى الله حـق تـقـاته فى جمـيـع الأوقـات والحـالات * وافـعـلـوا الـخـيـرات واجـتـنـبـوا عـن
الـسـيـأت * واسـتبقـوا الخيـرات واجـتـنـبـوا المـحرمات *وجاهـدوا الـنفـس
والشـيـطان لأن هـما شـديـدتان علـيكم فى عـدوات
* وَقَدْقَالَاللهَتَعَالَىفِيكِتَابِهِالْكَرِيْمِ:
أَعُـوْذُبِاللهِمِنَالشَّيْطَانِالرَّجِيْمِ،بِسْـمِاللهِالرَّحْمَنِالرَّحِيْمِ$
: يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا
اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Mangga kita sedaya samiya tansah netepi taqwa dhumateng
Allah wonten ing sadengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan rame utawi
sepi, nuju bingah utawi sisah, sami ugi nuju cekap utawi kirang, nuju sugih
utawi miskin. Ampun ngantos kita pejah
kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa.
Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh
kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi
taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang
rosa. Lan saget minangka rem ingkang
saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa. Ringkesipun
namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking
ngarsa dalem Allah Ta’ala .
Sak lajengipun kita sampun sami
ngawuningani bilih kwajiban tumrap kita gesang ing ngalam praja punika mboten
wonten sanes kejawi ngumawula dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala kanti tata cara
ingkang sampun katentok aken dening Allah lumantar tuntunanipun Nabi lan Rasul
utusanipun Allah. Inggih kanti netepi syari’at agami Islam. Mboten cekap menawi
manungsa punika nglahiraken raos kumawulanipun dateng Allah Pangeranipun kanti
miturut pengangen angenipun. Ananging kedah miderek dateng tuntunanipun ingkang
kaasta dening para utusanipun. Allah sampun dawuh wonten Al Qur’an :
ومــا
أتـآكم الـرســول فـخــذوه , ومــا
نــهــاكـم عــنــه فــانــتــهــوا
“Apa kang diasta dening Rasul marang sira kabeh ,
mangka pada ndereka, lan apa kang di larang tumrap sira kabeh pada tinggalna”
( QS.Al Hasyr : 7)
Para
sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Wondene pendamel saget dumunung ibadah menggahipun Allah
punika ugi sanget gumantung dateng seja lan niyatipun. Niyat tumrapipun ibadah punika minangka ruh
ingkang bade nentokaken ibadah wau. Satunggaling pendamelan punika bade
dumunung ibadah menawi kaniyatan ibadah dateng Allah. Sak wangsulipun
satunggaling pendamel ibadah mboten bade dumunung minangka ibadah menawi mboten
kaniyati ibadah. Sahingga satunggaling pendamel ibadah ingkang dipun tindakaken
dening tiyang kalih umpaminipun, punika dereng mesti lajeng nuwuhaken ganjaran
ingkang sami, gumantung niyatipun tiyang ingkang nindakaken. Dawuh dalem
kanjeng Nabi :انــمــا الأعــمــا ل بـالـنـيــات
“Sampurnane amal iku mung kelawan niyat”.
Hadits dawuhipun Nabi punika
estunipun panjang , ingkang nyariosaken tindakipun para shahabat kala semanten
nalika nderek hijrah dateng Kanjeng Nabi. Miturut lahiripun dawuh para shahabat
nderek hijrah punika niyatipun warni warni , wonten ingkang pancen hijrah
nderek dateng Allah lan Rasulipun , wonten ingkang kerana ngasilaken kadunyan,
wonten ingkang kerana tiyang estri ingkang kepengin dipun nikahi, lan sanes
sanesipun. Dados pendamelipun setunggal hijrah nderek jengkaripun kanjeng Nabi,
nilar nagari Makkah tumuju dateng tanah Madinah Al Munawwarah, nanging niyat
lan sejanipun para sahabat macem macem kados kasebat ngajeng. Kesimpulanipun :
وانــمــا لــكل أمــرء مــا نــوى
“Bilih tumrap satunggaling tiyang
punika bade pikantuk miturut napa niyatipun”
Pramila mangga samukawis tumindak
kita kaniyatana kanti ingkang sahe, langkung langkung tumindak ingkang
lahiripun rupi amal ibadah, supados kita mboten kapitunan tembe wingkingipun.
Perkawis ingkang lahiripun amal dunya kemawon, sauger mboten dipun awisi dening
Allah, menawi dipun niyati sae bade tampi ganjaran saking ngarsanipun Allah,
menapa malih ingkang pancen kawontenanipun arupi amal akherat, ampun ngantos
dipun slewengaken kanti niyat ingkang mboten sae, mindak kita kecelik
akheratipun mboten tampi piwales kanugrahan ganjaran saking ngarsa dalem Allah
Ta’ala. Mugi mugi kita sageta tumindak ingkang tansah saget dumunung ibadah
menggahipun Allah, sahingga gesang kita punika saget jumbuh kados dawuhipun
Allah :
ومـاخــلـقــت
الــجـن والأنــس الا لـيــعــبــدون
“Lan Ingsun Allah ora anitahake jin lan manungsa kejaba
supaya pada ngibadah ngumawula marang ngarsa Ingsun”
(QS.Adz Dzariyat : 56)
Wusananipun mugi Allah tansah
maringana pitedah lan pitulungipun dateng kita saget tansah nindakaken
dawuhipun lan nilar awisanipun, kaparingana wilujeng dunya nganrtos dumugi
akhirat. amiin.
بَارَكَاللهُلِيوَلَكُمْفِيالْقُرْآنِالْكَرِيْمِ$وَنَفَعَنِيوَإِيَّاكُمْبِاْلآيَاتِوَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ$إِنَّهُ
هُوَالتَّوَّابُالرَّحِيْمُ$ُوَقُلْرَبِّاغْفِرْوَارْحَمْ
وَأَنْتَخَيْراالرَّحِمِيْنَ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar